Colong Jupuk lan Filsafat Sarung | Kliping Sastra Indonesia | Etnik dan Budaya
Colong Jupuk lan Filsafat Sarung Reviewed by maztrie on 7:14 PM Rating: 4,5

Colong Jupuk lan Filsafat Sarung


MBOK MENAWA yen ana pakulinan ala tumrape wong Jawa, sing asor budine, seneng colong jupuk, merga gagal nyilemi filsafat sarung. Wong mau, kaya wis ginaris, kemecer weruh darbeke liyan. Luwih-luwih yen ana barang apik, anyar, larang regane, njur kemudu-kudu nduweni. Merga ora gableg beya, sok nekat, njupuk duweke wong liya, ora nembung. Ngene iki persis wedhus prucul diumbar ing pekacangan.
Bisa nyolong, kok umuk, marem, dhasar wedhus, ora sarungan! Ora urus, ora kelingan! Yen biyen, jaman kondhange paguron Jawa, pancen ana colong jupuk sing kanggo nodhi ngelmu. Lire, yen bisa njupuk darbeke liyan ora konangan, embuh kanthi aji panglemunan, sirep begananda, lan liya-liyane —bakune kanggo njajal awak. Yen kepeksane diamboni bogem mentah, didadah, didugang, lan dikepruki, ora masalah. Pancen niyate pengin nyoba atose wuleting kulit alote otot.
Emane, pakulinan ala ngono mau, saiki saya ndadra. Ana wong Jawa sing kepepet butuh, njur tumindak colong jupuk, embuh sing wujud: nyeler, ngecu, nyopet, ngutil, nyolong, ngunthet, nyathut, nyrobot, ngrampok, lan nggarong. Wong sing gelem ngene iki, adate kejaba kepepet, keblebeg utang, merga kawit cilik wis seneng climut. Cilike, seneng dolanan umpet-umpetan, uthut, lan dhelikan — ing ngelmu folklor Jawa diarani latihan maling. Ana sing anggone dolanan mripate dipitheng. Najan sekawit dolanan folklor iki kanggo nglatih kaprigelan, nglatih ganda rasa, ning suwe-suwe sok kebablasen, bareng gedhe kleru olehe ngecakake.
****
YEN pakulinan nistha iku mbabrak, njalari wong duwe jiwa clemer. Iku wong lali filsafat sarung. Sarung iku falsafah urip harmoni. Yen anggone nganggo diunggahke, ngisor wudel ketok. Yen diudhunke, ndhuwur dhadha melok. Yen cilik, wis dhemen slingkat-slingkut, gedhene ora sah kaget yen dadi brandhal, kecu, nggangsir, lan seneng nglimpe darbeke wong liya, merga sarunge mlotrok. Njur, ana wong lena sithik wae, bablas. Dheweke njur kasengguh dadi ”alap-alap” kampung, haratayah! Wong sing jiwane kebacut seneng ndhaku darbeke liyan ngono mau, yen kon nyekel pimpinan kampung munggahe tekan ngesuhi negara, cepet rubuhe. Ora wurung saben dina mung pengin piye carane korupsi, sing slamet!
Dhasar jiwane wis asor, ora imbang nganggo sarung. Yen nganggo sarung muwel-muwel, ngisor wudel, saru. Mula, wong sing jiwane brangasan, lali marang lajer sekawit, ora eling yen anggone sarungan iku ben necis, harmoni. Jaman emanasi, pencaring ruh seka Kang Akarya Loka biyen, getih abang iku dadi srana pikuwating karep, ning sok reged merga kadheseg nafsu ngambra-ambra. Wong sing kaya ngene iki, lamun kon nyekel panguwasa ”nggon teles”, kayata bank, KPK, kejaksaan, poltas, depsos, depag, lan dhepartemen liyane sing bisa nggo ngothak-athik dhuwit, bakal mbebayani. Ora wurung, kaya wong sarungan saya kendho, njur isine uteg mung pengin colong jupuk, sing ora kesenggol hukum. Jare, ana korupsi jamaah, iki jan marahi risi!

***
Durung suwe iki, ing wilayah Salam Magelang, ana rampok sing ngedhor kancane dhewe. KS nganti tegel merjaya wong telu sing neng njeron mobil. Malah nalika aku nonton ing TKP, getih wutah ing aspalan, njalari sing weruh getem-getem. Ngono iku mung merga blereng karo dhuwit 2 milyar, sing akhire ngemut driji, kudu mlebu ruji wesi. Urip wis ora sarungan, nglegena, njur njereng wirang.
Isih akeh maneh tuladhane, wiwit seka grombolan kapak abang, bajing loncat, preman gajah oleng, preman macan kombang, sing kerep nyegati wong-wong ing papan sepi, kabeh lali ngubetke sarung. Wose, dheweke kuwi emoh rekasa, emoh nggunakake prinsip obah mamah (kerja). Karepe wudel wae sing dinut, ora sah rekasa, ning bandha teka. Luwih wengis meneh yen anggone colong jupuk mau wis dikantheni ngombe-ngombe, wah njalari tegel milara, mrewasa, lan mateni wong liya.
Sarungan iku, kudu tengah, sentral. Ora kemunggahen, ora kemedhunen, laras. Sing dipepundhi ”pancer”. E, tepunganku mau ya duwe anak putu, sing adoh seka pancer. Keblate sarung lali, amarah sing nggedhabyah. Daktamatake, anak putune uga duwe jiwa dawa tangane. Lire, tau nguras blumbange tangga, sing ditinggal mudhik. Wusana dadi padudon. Sing duwe blumbang, nrima. Ngalah! Timbang kakeyan lambe.
Lha kok sarungan neng ngisor dhengkul. Piye ta? Putune maling kelas kakap mau, uga njupuk dhuwite bulike 50 ewu. Bocah mau diwadulke bapake, njalari muring. Bapake ga­ge njupuk remason, diraupke bocah mau, nganti kekitrang kepanasen. Durung trima, bocah mau uga dibruki ngangkrang ing sirahe. Merga bocah mau arep mlayu, akhire, em­buh setan ngendi sing ngojok-ojoki, ba­pake mau njupuk bedhil manuk, dijebretke ing sikle bocah mau. Wong sak kampung ge­ger!
Mula ana benere, yen nyilih unen-unene Bang Napi: ìKejahatan itu bukan karena niat pelakunya, tapi karena ada kesempatan.” Wong tuwa sing nyelehake dhuwit glethak-glethek, bakal ndudut jiwa ala tumrape bo­cah, gelem nylemut. Yen pisanan kok ora ko­nang­an, bisa tuwuh pengin njupuk meneh, ngan­ti sateruse. Lan akhire bisa wae duwe niat njupuk duweke sedulur lan wong liya. Lha iku tegese wong sarungan sak-sake, waton ditemplekke, suwe-suwe ting clekithut. Pancen, ngapokke wong ngono mau, yen kebacut, angel. Sarung yen kebacut ngepit, disetlika angel. Merga, dheweke wis duwe jiwa angon ulat ngumbar tangan. Yen ana wong lena, cleput!
Jiwa nglimpe pancen kraket tumrape sing dhemen colong jupuk. Jaman Kresna ngrebut Layang Jitabsara seka tangane dewa Penyarikan biyen, rak ya nglimpe ta. Akal bulus. Aku dhewe nggagas, apa merga wiwit cilik didongengke Kancil Nyolong Timun, dadi negara iki akeh colong jupuk? Wiwit seka nyolong jupuk hak cipta, penerbit sing nakal, ngapusi pengarang, prodhuser ing mbajak hak cipta, lan liya-liyane, kok saya ora nggenah. Kabeh sarwa mambu colong jupuk. Pengin luwih sugih, pengin dialem, lan pengin ampuh dhewe.
Aku dadi kelingan welinge simbah, ben ora ana colong jupuk; aja cedhak-cedhak kebo gupak. Wah, yen kena lendhut, lupute tlethong, jare mbilaeni. Sajake, ana benere, kebo iku wis goblog, gupak saenggon-enggon, ora wurung nyiprat blethoke. Cedhak wong sing mendem donya, repot. Ibarat cedhak kirik gudhigen, ketularan gudhig, hiii! Ateges, ketoke sarungan, yen gupak blethok, tur mokro-mokro, keplotrok. Iya yen ing negara iki isih ana lakon Drona Picis bebasane, yen ora, wong sing dha colong jupuk mau tetep nglenggang kangkung. Dha ora kesrimpet kejigung sarunge dhewe. Jannnn!!! [SUARAMERDEKA]
Creative Commons License