Demokrasi durung kagayuh, mobokrasi sansaya mratah | Kliping Sastra Indonesia | Etnik dan Budaya
Demokrasi durung kagayuh, mobokrasi sansaya mratah Reviewed by maztrie on 5:56 PM Rating: 4,5

Demokrasi durung kagayuh, mobokrasi sansaya mratah

Budaya politik demokrasi pancen durung kawujud ing madyaning bebrayan agung sing nyakup para pangarsaning negara utawa elit politik lan warga bebrayan umume.

Kawusanane, ing tengahing kahanan ngrembakane gegayuhan demokrasi, uga ngrembaka tetep kukuhe budaya politik sing ora gathuk kalawan demokrasi.
Ing jaman Orde Lama lan Orde Baru, miturut Dr Azyumardi Azra, guru besar sejarah ing Universitas Islam Negeri (UIN) Syarif Hidayatullah Jakarta, nalika medhar andharan Budaya Politik Indonesia dalam Perspektif Sejarah, ing Fakultas Sastra dan Seni Rupa (FSSR) UNS, durung let suwe iki, budaya politik sing lumaku condhong marang budaya sing lelandhesan sikep antarane bapak lan anak utawa sesambungan patron lan client.
Sasuwene puluhan taun kuwi sing ngrembaka ora liya budaya politik sing ndunungake panguwasa minangka paraga sing ora bisa diperkarakake, ora bisa dibantah, apa maneh disaruwe. Lamun nganti nyaruwe utawa ngganggu gawe panguwasa bakal ngganggu imbange jagad cilik (mikrokosmos) lan jagad gedhe (makrokosmos) kang sabanjure bakal nuwuhake bebaya utawa malah pageblug.
Budaya politik mangkono kuwi pancen nguwasani bebrayan agung bangsa Indonesia kang kabiji salaras kalawan budaya politik mapan ing bebrayan agung muslim sunni. Pamikiran lan laku politik muslim sunni nengenake kalungguhan panguwasa minangka paraga sing kudu dinut, ora bisa disaruwe, kepara sing aran raja lan sultan kuwi dianggep minangka ayang-ayange Gusti Allah ing lumahing bumi.
Hamula kuwi kabeh warga kudu manut lan pasrah sawutuhe marang panguwasa, tumindak nyaruwe kang gedhene mbalela marang panguwasa dianggep tumindak sing ora bisa diapura, lan jalaran kuwi saksapaa sing wani nyaruwe utawa gedhene mbalela marang panguwasa kudu musna.
Budaya politik kang kaya ngono kuwi cetha cengkah kalawan demokrasi. Demokrasi kuwi nengenake laku ngrampungi kabeh perkara kanthi bedhamen, lan tansah lelandhesan tatanan kukum sing wus disarujuki bebarengan.
Budaya politik patron lan client pancen wus wiwit luntur, nanging durung anjog ing demokrasi, anjoge malah ing mobokrasi, yakuwi tumindak deksiyane massa utawa mob.
Rakyat utawa kawula sing mbiyene tansah manut lan pasrah marang panguwasa, saiki bisa sakepenake dhewe. Rasa bebas sing kagayuh durung anjog ing budaya demokrasi, nanging isih wates ing budaya tumindak sakepenake dhewe sing nerak kukum lan sok-sok ing tumindak deksiyane massa.
Kuwi yen ing tataran rakyat umum. Dene ing tataran pangarsaning negara, kanyata uga durung kasil nggayuh budaya politik demokrasi. Akeh pangarsaning negara sing ora bisa bedhamen nalika kudu ngrembug lan ngrampungi perkara. Wose, demokrasi durung kasil digayuh, lan kawusanane budaya oposisi, beda panemu, uga durung entuk papan sing murwat.[solopos]