Islame wong Jawa kuwi njawani | Kliping Sastra Indonesia | Etnik dan Budaya
Islame wong Jawa kuwi njawani Reviewed by maztrie on 1:07 AM Rating: 4,5

Islame wong Jawa kuwi njawani

Sawetara mahasiswa pascasarjana Universitas Muhammadiyah Surakarta (UMS) sing kaimpun ing bebadan Pusat Studi Perubahan Islam (PSPI) nelakake rasa prihatine jalaran ing wewengkon Kutha Solo, sing katelah pusere budaya Jawa, saiki kelangan roh kabudayane nalika ngrembug babagan Islam ing madyaning bebrayan agung Jawa.

Rong nom-noman saka PSPI, Arif Wibowo lan Susiyanto, nalika wawangunem kalawan Espos, dina Kemis (17/9), mrataleke, sinurung rasa prihatin kuwi mau PSPI banjur ngadani panaliten babagan budaya Jawa lan Islam. Lan sawise udakara setaun ngadani panaliten, ana dudutan menawa Islam kuwi wus nyawiji kalawan budaya Jawa. ”Islame wong Jawa kuwi asipat kuwawa manjing ajur-ajer. Lire, Islame wong Jawa kuwawa ngowahi kapercayan warisan leluhur ing katelah animisme lan dinamisme tumuju tauhid utawa percaya marang Allah SWT. Nanging ing laku ngowahi kuwi tanpa ngilangi oyot budayane. Dadine ya Islam-Jawa, Islam sing jumbuh alam pikire wong Jawa,” piterange Arif.

Emane, cakrik Islam-Jawa sing nengenake banget rasa kamanungsan, tansah kawengku ing basa budaya lan asipat pluralis kuwi, saiki wus sansaya kasingkur, sansaya dikiwakake, kepara meh cures. Sing ngrembaka saiki ing tlatah Kutha Solo malah Islam cakrik pergerakan.

Temon anyar Susiyanto dhewe wus sawetara sasi pungkasan iki naliti naskah-naskah Jawa sing kenthel werna Islame. Antarane kaya naskah Suluk Gatoloco, Darmagandhul lan sapiturute. Saka panaliten kuwi mau ana temon anyar gegayutan sesambungan antarane Islam lan Jawa.

”Sasuwene iki ana panganggep menawa Jawa lan Islam kuwi rong bab sing beda. Kamangka, miturut asil panalitenku lan kanca-kanca ing PSPI malah Islam kuwi wus manjing dadi jatidhirine wong Jawa. Mligine wong Jawa sawise jaman Mataram Islam. Iki bisa katitik saka akehe wong Jawa jaman saiki kang tansah njupuk wulange Walisanga nalika ngudhari sakehing perkara ing urip padinane, mligine sing mbutuhake tapsiran spiritual,” piterange Susiyanto.

Saka kanyatan mangkono mau, miturut Arif, ana laku evolusi budaya kang dumadi ing wektu kang ora sedhela sing wusana ndadekake manjinge Islam ing budaya Jawa. Lan saka laku evolusi budaya kuwi, ana dudutan menawa katampane Islam dening wong Jawa tansah kanthi sarana lan dalan kabudayan. Ora ana critane wong Jawa nampa Islam jalaran dipeksa utawa jalaran kalah perang.

Lan saka laku kang mangkono mau, wusana nukulake lan ngrembakakake Islam-Jawa kang asipat egaliter, pluralis lan tansah nengenake rasa kamanungsan jalaran tansah kawengku ing basa kabudayan. Emane, cakrik Islam-Jawa iki suwening suwe malah kasilep dening Islam pergerakan sing dening para nom-noman PSPI kabiji kerep mateni basa kabudayane wong Jawa. Islame wong Jawa kuwi, miturut Arif, asipat njawani. Tegese tansah kuwawa urip bedhamen lan bebarengan kalawan budaya liya, kalebu budaya Jawa sing cengkah kalawan wulang agama Islam dhewe. Islam kanthi alon-alon ngawekani babagan sing cengkah kuwi. [pakdhedar]