NGGEGULANG BUDI LUMANTAR BUSANA JAWI | Kliping Sastra Indonesia | Etnik dan Budaya
NGGEGULANG BUDI LUMANTAR BUSANA JAWI Reviewed by maztrie on 6:31 PM Rating: 4,5

NGGEGULANG BUDI LUMANTAR BUSANA JAWI

Ngantos sepriki taksih kathah tiyang ingkang nganggep busana Jawi menika namung ngreribedi kemawon. Sinaosa pamanggih menika mila wonten leresipun, nanging saestu kirang prayogi menawi lajeng manut mekaten kemawon. Awit, samangke kasunyatanipun tetela nedahaken bilih budaya Jawi, mliginipun busana, menika saestu edi-endah. Kacihna, sinaosa mapan ing tengah kitha, masyarakat sami remen ngadani acara-acara mirunggan, tuladhanipun mitoni, tedhak-siten, supitan, palakrami, tingkeban, lan sapiturutipun, manut tatanan budaya Jawi. Ing acara menika lajeng sami ngagem busana Jawi. Ateges, busana Jawi menika saestu murugaken raos ingkang beda tumrapipun ingkang sami ngagem. Lan, tamtunipun inggih raos mongkog dhateng edi-endahing busana menika.
Kejawi endah, busana Jawi ugi dados srana kangge mucalaken pakarti ingkang becik. Tuladhanipun cetha, upaminipun, wonten awisan tumrapipun kawula nalika ngagem sinjang. Tegesipun, wonten sinjang/jarik mawi motif mligi ingkang namung kangge ratu lan sentana-Dalem. Sinaosa wujudipun awisan kanthi adhedhasar drajad lan pangkat ingkang beda, nanging estunipun menika babar-pisan boten kanthi ancas ngluhuraken ingkang mila sampun wonten ing nginggil lan ngasoraken ingkang wonten ing ngandhap. Kosokwangsulipun, tatanan awujud awisan menika malah ngenut watakipun pantun (pari), ingkang tansaya inggil malah tansaya luruh. Tumrapipun tiyang, tansaya inggil drajad lan pangkatipun, malah tansaya andhap-asor budinipun, nebihi watak sumongah kumalungkung. Kacihna, sinjang bathik Parang Barong ingkang namung mligi kangge ratu menika, motif bathikipun malah prasaja, namung pethak lan cemeng. Beda menawi katandhing kaliyan motif Tambalan ingkang malah kepetang ‘ruwet’ corekipun. Mekaten ugi motif Parang Rusak lan Parang klithik, langkung prasaja tinimbang motif Alas-alasan utawi motif sanes ingkang malah kaprah dipun-agem masyarakat umum.
Boten namung sinjang, busana kaprajuritan cara Jawi ugi nedahaken cihna bilih tansaya inggil drajad lan pangkatipun malah tansaya andhap-asor budinipun. Beskapipun prajurit ingkang apangkat senapati mesthi ketingal mompyor awit kathah rerengganipun ingkang awujud sulaman wenang kencana menapa dene manik-manik. Dene, ingkang apangkat adipati, rerengganipun busana malah langkung sekedhik, boten mompyor. Lan, busananipun ratu sampun boten mawi rerenggan mekaten menika.
Pokokipun, busana Jawi menika saestu kebak tuntunan, sinaosa sinandi, waton dipun-jingglengi kanthi premati. Wiwit saking iket, beskap, wangkingan, lan sinjang, sedaya nggembol pitedah dhateng ”mingising budi”. Blangkon/iket/udheng minangka pemut tumrapipun sinten kemawon supados tansah mbudidaya amrih mudheng dhateng samukawisipun prekawis. Beskap sikepan menika pitedah supados tansah siyaga ing dhiri saengga mrantasi samukawisipun pakaryan ingkang sinampiraken. Wangkingan utawi keris menika suka pitedah supados tansah asesangu bandha lan kawruh nalika mecaki marginipun ngagesang. Nanging, nuwun sewu, menika namung saking pamanggih-kula piyambak. Bokmenawi kenging kangge lantaran ajak-ajak. Nuwun. [PAKDHEDAR]