Ngudi kasampurnan kudu asipat lumintu | Kliping Sastra Indonesia | Etnik dan Budaya
Ngudi kasampurnan kudu asipat lumintu Reviewed by maztrie on 1:47 AM Rating: 4,5

Ngudi kasampurnan kudu asipat lumintu

Saben wong Jawa, mbuh kuwi golongane ngaluhur, trah priyayi, utawa wong umum, golongane pidak pedarakan, tansah ngudi sampurnaning dhiri. Kuwi mau kanggo nggayuh drajat sampurnaning manungsa minangka titah sing luhur dhewe kang cinipta dening Pangeran Kang Maha Kuwasa.

Kanggo ngudi kasampurnan kasebut, wong Jawa tansah ngupaya salarase lair lan batin, salarase kapentingan donya lan akhirat. Ngudi sampurnaning tata lair kanthi tatakrama lan etika. Dene ngudi sampurnaning batin kanthi ngendhaleni hawa angkara, hawa napsu lan egoisme sing pancen thukul lan ngrembaka ing pribadining saben wong. Hamula saka kuwi, ing pasrawungan padinan wong Jawa tansah kudu tanggap ing pasemon, ngerti rasa, ngalamat, tandha-tandha kang kadulu saka tumindake liyan. Uga kudu tansah nengenake sikep ngati-ati. Ngudi kasampurnaning batin kanthi upaya nguwasani lair, yakuwi pasa (cegah dhahar lan guling utawa ngurang-ngurangi mangan lan turu), nyepi, reresik ati kanggo nggayuh wening lan eninging pikir lan ati, jalaran kahanan wening lan ening kuwi kang nyebabake bisa nyawijine manungsa lan Gustine.

Miturut Mas Demang Edy Sulistiono, dwijawara filsafat Jawa ing Akademi Seni Mangkunagaran (ASGA), kuwi mau mujudake wosing piwulang sing kamot ing Serat Wedhatama anggitane KGPAA Mangkunagara IV.
Wulang kang ngemot sembah raga, sembah cipta, sembah jiwa lan sembah rasa kuwi anjoge ora liya babagan manungsa, gegayuhane, sesambungan ing antarane manungsa lan sesambungan antarane manungsa lan Gusti Allah ing upaya nggayuh drajat dhuwur dhewe minangka manungsa. Wulang sembah papat kang bisa digathukake kalawan bakda kupat kang uga ngemot wulang luhur babagan ngudi kautamaning manungsa uga anyakup patang wulang.

Patang wulang kasebut, babagan etika (tumindak becik lan ala), babakan ukum sangkan paraning dumadi, babagan ilmu lan amal lan babagan manembah mring Gusti Allah.

Kabeh wulang kasebut nuju marang sampurnaning manungsa ing laku nuju marang sangkan paraning dumadi, yakuwi Gusti Allah Kang Maha Kuwasa. Supaya temen-temen tekan marang sing dituju, manungsa kudu ora kendhat anggone gladhen, ngulinakake lan ngugemi laku-laku kang nuju kagayuhe kasampurnan kuwi mau. Gladhene anyakup gladhen ing tataran lair lan batin kang anjoge bakal kawujud ing pribadi sing santosa, saengga bisa nampa samubarang kabecikan kanthi luwih mantep.