Owahing tradhisi | Kliping Sastra Indonesia | Etnik dan Budaya
Owahing tradhisi Reviewed by maztrie on 5:07 AM Rating: 4,5

Owahing tradhisi

Wong Jawa kondhang minangka manungsa sing tansah nengenake pranatan sosial urip rukun, tepa slira, lung tinulung, guyub lan gotong royong.

Sinoman ing pangerten aweh sumbangan utawa nitip barang lan nagih utawa njaluk bali samangsa mbutuhake mujudake tradhisine wong Jawa sing nyengkuyung marang pranatan sosial kuwi mau.

Ing jaman kawuri, tradhisi sinoman iki ana gandheng cenenge kalawan wulangan agama, mligine agama Islam. Miturut gotheking wong akeh, tradhisi sinoman iki kawitane dadi sarana tumrap para ngulama nalika mbiwarakake agama Islam ing laladan tanah Jawa.

Para ngulama kuwi tanpa kendhat tansah mbiwarake prelune lung tinulung murih reridhu kang diadhepi ing urip padinan bisa diawekani. Kawusanane, tradhisi sinoman manjing dadi perangan baku uripe bebrayan agung Jawa. Apamaneh ing wulangan agama liya kanyata uga nengenake babagan lung tinulung, urip rukun, tepa slira lan gotong royong.Tradhisi sinoman bisa ngrembaka ing madyaning bebrayan agung jalaran kabeh wong ngrumangsani menawa sinoman kuwi salaras kalawan jatidhirine manungsa minangka titah sosial. Mbiyantu utawa tetulung mring liyan kuwi bakal nuwuhake berkah tumrap urip lan panguripane. Sinoman didunungake minangka amal sing dhuwur pangajine.Nut jaman kelakone, tradhisi sinoman sing kawitane mung nengenake babagan barokahing urip lan panguripan kuwi wusana ketemplekan kapentingan ekonomi, politik, sosial lan teologi. Ing wewengkon ekonomi, sinoman didunungake minangka investasi. Nitip utawa nyumbang barang, ing tembe mburi nalika wancine nagih bakal nampa bathi jalaran pangajine barang wus sansaya dhuwur.

Ing wewengkon teologi, sok-sok ana rasa ra trima yen lung tinulung kuwi linambaran jati dhiri agama. Ana panganggep, lung tinulung sing linambaran jati dhiri agama kuwi minangka sarana ngejak wong supaya alihan agama. Ing wewengkon politik, sinoman didadekake sarana kanggo ngimpun panyengkuyung kanggo nggayuh kalungguhan panguwasa.

Lamun sing nampa sinoman kanyata ora gelem milih utawa nyengkuyung sing nyinom samangsa dheweke pengin nggayuh kalungguhan panguwasa, bakal dicap murang tata, ora ngerti piwales lan sapiturute.

Lan nalika sinoman kuwi kudu diadhepake kalawan budaya globalisasi sing nurunake kapitalisme wusana pancen banjur ndadekake ambyare tapsiran adiluhung lan luhur sing kawitane dadi landhesan thukul lan ngrembakane tradhisi sinoman.Wus lumrah ing jaman saiki menawa sinoman ing sawijining kajatan mantu kuwi, mligine ing tlatah kutha, kudu sinartan amplop isi dhuwit. Sakorane, sing nampa sinoman kudu gelem ngisi kas bebadan sing ngimpun para nom-noman sing padha nyinom kuwi mau.

Lung tinulung ing bot repote urip padinan saiki kerep-kerepe kudu sinartan dhuwit tukon udut utawa ijol bensin. Kawusanane, tradhisi sinoman sing kawitane lelandhesan tapsiran spiritual lan kultural, saiki malih dadi tapsiran historis minangka celengan sing bakal nuwuhake bebathen ing dina tembe mburi.

Ananging ing kahanan mangkono mau, tradhisi sinoman panggah ngamot sakehing kautaman. Kanthi sinoman bakal nyantosakake sesambungan antarane warga ing madyaning bebrayan agung. Lumantar sinoman uga bakal nuwuhake krenteg kanggo melu ngentheng-enthengake sanggane liyan, jalaran yen katemben nampa reridhu uga bakal dibiyantu dening liyan. [solopos]
~~maztrie~~