Sinoman, gegaran ngawekani reridhu | Kliping Sastra Indonesia | Etnik dan Budaya
Sinoman, gegaran ngawekani reridhu Reviewed by maztrie on 5:23 AM Rating: 4,5

Sinoman, gegaran ngawekani reridhu

Dadi gawang-gawang ing pandulune kedadeyan lindhu dhek sasi Mei 2006 sing ndadekake morak-marike tlatah Dhukuh Kedungpring, Desa Wonolela, Kecamatan Plered, Kabupaten Bantul, Yogyakarta, nalika Mujiyono mindeng giyaran tivi sing mertakake kedadeyan lindhu ing Padang, Sumatra Barat.
”Saiki ing tlatah Kedungpring kene wus ora ana tilase lindhu dhek sasi Mei 2006. Kabeh wangunan omah sing ambruk saiki wus ganti wangunan anyar. Hamung ing pangeling-eling iki isih nabet banget, apamaneh nalika ndulu giyaran tivi sing mertakake lindhu ing Tasikmalaya lan Padang, sawetara dina kapungkur,” pratelane Mujiyono, dina Minggu (11/10).
Miturut Mujiyono saben ana kedadeyan bebaya saka alam sing nuwuhake kaningaya lan kasangsaya mesthi bakal tuwuh rasa guyub rukun ing antarane warga. Kepara uga kuwawa ndudut guyub rukune warga sing adoh saka papan kedadeyan. Lan sanggan abot jalaran bebaya saka alam kuwi suwening suwe karasa entheng lan nuwuhake semangat kanggo ngracik urip sing luwih apik ing dina tembe mburi.
Kang dumadi sing Dhukuh Kedungpring uga mangkono. Nalika tlatah kasebut katerak lindhu, Mei 2006 kapungkur, sakdeg saknyet banjur tuwuh rasa guyub rukun. Sawetara dina sawise kedadeyan sing nggegirisi kuwi tradhisi sinoman sing pancen isih diugemi dening warga kono didayakake maneh kanggo ngawekani reridhu urip minangka kawusanane saka lindhu kuwi.
Warga sing omahe ambruk lan ora bisa dislametake babar blas, lila legawa nalika saperangan kayu balungan omah sing ambruk kuwi dijupuk lan digunakake dening warga liyane kanggo njejegake omahe sing miring utawa kanggo ndandani saperangan omah sing rusak. Gendheng utawa payon omah sing bisa dimupangatake uga dililalake digunakake luwih dhisik dening warga liya sing omahe isih luwih apik kahanane lan bisa digunakakake kanggo ngeyup.
”Tradhisi sinoman sing isih diugemi warga karang pradesan kene pancen kuwawa nuwuhake rasa guyub lan rukun bebarengan ngawekani kawusanane lindhu. Sapa sing nduwe mbiyantu sing ora nduwe. Uga ing laku ndandani omah. Ora sithik warga sing milih nampa prabeya bantuan pamarentah ing urutan keri lan ndhisikake warga liyane sing omahe luwih mbebayani lan rusake luwih abot,” pratelane Sriyono, warga tlatah Gantiwarno, Klaten, kang ing taun 2006 uga dadi korban lindhu nalika wawangunem kalawan Espos, dina Senen (12/10).
Tradhisi sinoman mono, miturut Mujiyono lan Sriyono, ing kahanan normal kawujud ing pakulinan aweh sumbangan barang utawa nitipake barang marang wong liya sing mbutuhake barang kuwi mau, lan wancine sing duwe mbutuhake bisa nagih njaluk baline barange.
Aturan
Purnomo, warga tlatah Batu, Wonogiri, nalika wawangunem kalawan Espos, ing Pasar Legi, Solo, dina Slasa (13/10), nambahake, tradhisi sinoman pancen ora kawengku ing wujud aturan tinulis. Nanging, ing tlatah papan dununge ing Batu, Wonogiri kana, ora tau ana warga sing mblenjani pasarujukan informal ing tradhisi sinoman mangkono kuwi.”Tradhisi sinoman sing ing tlatah liya uga sinebut gugur gunung utawa gotong royong pancen bisa dadi sarana kanggo ngraketake paseduluran ing antarane warga ing sawijining tlatah padunungan. Ing tradhisi iki, sapa sing duwe tanpa dijaluk bakal mbiyantu sapa sing butuh. Kayadene nyilihi gendheng utawa payon omah tumrap warga sing nembe mbangun omah, nggawa beras, janganan lan bumbon ing omahe warga sing nembe duwe gawe utawa kajatan,” pratelane Purnomo.
Tradhisi sinoman uga kuwawa nemokake, njumbuhake lan nglumpukake warga siji lan sijine tanpa pepalang status sosial, drajat pangkat, ing sawijining kapentingan kang padha, yakuwi ngawekani sakehing reridhu ing urip lan panguripan. Tradhisi sinoman kuwawa nuwuhake krenteg lan semangat kanggo mbiyantu liyan. Tradhisi sinoman dadi pondhasi tumrap jiwa gotong royong sing jare mujudake jati dhirine bangsa Indonesia.Lan kanyatane, nalika tlatah Padang ing Sumatera Barat katerak lindhu, ora sethithik warga ing tlatah Pulo Jawa sing padha cancut taliwanda ngimpun prabeya lan barang-barang sing dibutuhake warga korban lindhu.
Mangkono uga nalika tlatah Tasikmalaya katerak lindhu sawetara dina kapungkur. Kaya nalika para seniman kondhang ing Kutha Solo bebarengan ngamen kanggo ngimpun prabeya kanggo mbiyantu korban lindhu ing Sumatra Barat cetha nuduhake isih anane sisa-sisa naluri tradhisi sinoman kuwi. [maztrie]