Srikandhi Mataram | Kliping Sastra Indonesia | Etnik dan Budaya
Srikandhi Mataram Reviewed by maztrie on 1:14 AM Rating: 4,5

Srikandhi Mataram

Srikandhi Mataram (Islam) iki sejatine kagungan asma Raden Ayu Kustiyah Wulaningsih. Lair taun 1762. Putri saka pejabat krajan Mataram, Panembahan Natapraja. Amarga gedhe labuh labete tumrap krajan Mataram nalika nglawan penjajah Kumpeni Walanda, dening Sultan Hamengku Buwana I diparingi bebungah lan pangaji-aji tanah perdikan, awujud desa sing jenenge Serang. Awit saka kuwi, dheweke jejuluk Nyi Ageng Serang.
Yen mung arep golek penak lan muktine dhewe, mesthine Nyi Ageng Serang milih urip ing kraton Mataram. Genah kajen, kacukupan lan mukti minulya. Jejer dadi garwane Sultan Hamengku Buwono II, mesti wae apa sing dadi panjaluke mesthi katurutan. Nanging Srikandhi Mataram iki ora bisa nglakoni urip mukti nalika ndeleng rakyate urip susah jalaran kabawan penjajah Walanda. Sanadyan dadi garwane narendra ing Mataram, Nyi Ageng Serang milih melu perang gerilya nglawan Kumpeni Walanda, mbelani Pangeran Dipanegara.”Dhi, apa pancen awakmu milih rekasa melu perang nglawan Kumpeni?” pitakone Sultan Hamengku Buwana II, ya garwane dhewe.
”Leres Kang Mas, kula mboten saget gesang sekeca, menawi Kumpeni mboten jengkar saking bumi Mataram punika,” wangsulane Nyi Ageng Serang.”Ya wis, Dhi. Yen pancen ngono tekadmu, taklilani, sliramu pisah saka aku, labuhana karepmu, ngusir penjajah saka Bumi Mataram kene,” ngendikane Sultan, megat cara alus, supaya Nyi Ageng Serang bebas anggone arep melu perang gerilya nglawan Kumpeni.
***
Lunga saka Krajan Mataram, Nyi Ageng Serang banjur ngumpul karo para pejuang ing Serang sing dipimpin dening Pangeran Mutia Kusumawijaya, sing pancen anyel banget karo penjajah Walanda.”Napa Nyi Ageng sampun nekad bade labuh labet ing tlatah Serang punika?” pitakone Pangera Mutia.
”Ampun was sumelang kaliyan tekad kula Pangeran. Langkung becik kula pejah, tinimbangan sumurup tlatah Serang punapa Mataram dipunjajah dening Kumpeni,” wangsulane Nyi Ageng sing ndadekke njegrik wulu kalonge Pangeran Mutia.
Kanthi panyengkuyunge Nyi Ageng Serang, Tlatah Serang madeg kraman marang paprentahane Kumpeni. Ora gelem mbayar pajek lan ora gelem manut prentahe penjajah. Suwening suwe, Kumpeni Walanda dadi anyel lan pengin merjaya Nyi Ageng Serang, mbuh priye carane.
Kanthi panyengkuyunge Nyi Ageng Serang, Tlatah Serang madeg kraman marang paprentahane Kumpeni. Ora gelem mbayar pajek lan ora gelem manut prentahe penjajah. Suwening suwe, Kumpeni Walanda dadi anyel lan pengin merjaya Nyi Ageng Serang, mbuh priye carane.
Kanggo nandhesake tekade nglawan kumpeni, Nyi Ageng Serang banjur nyawijekake dayane karo para pejuang ing Mataram , ing antarane Sultan Hamengkubuwana II (tilas garwane), Raden Mas Antawirya (Pangeran Dipanegara), Pangeran Jayakusuma Pangeran Hadiwijaya lan Pangeran Dipasana. Dene Pangeran Mutia kang dadi kanca perjuangane ing Tlatah Serang wusana dadi garwane Nyi Ageng Serang lan kagungan putri ontang-anting kang asmane Raden Ayu Kustina.
”Yayi Kustiah pancen Srikandhi tenan, aku seneng dene semangatmu ora surut,” pangalembanane Dewi Ratih, garwane Pangeran Dipanegara.”Kula punika namung abdi, ingkang satuhu, kula gumun kalih kaprawiranipun Raden Mas Antawirya,” Nyi Ageng mbales atur pangalembana tumrap Pangeran Dipanegara.Kanthi semangat kang tansah disengkuyung dening Pangeran Dipanegara, Nyi Ageng Serang bisa nelukake tlatah pantai utara Jawa (Pantura) sing dikuwasani Kumpeni, ing antarane Kudus, Pati, Juwana, Semarang, Demak, Grobogan lan sapanunggalane.
***
Ananging siji mbaka siji, sing nyengkuyung Pangeran Dipanegara bisa ditelukake dening Kumpeni. Kyai Mojo dicekel banjur diungsekake menyang tlatah Sulawesi, Senthot Alibasyah lan panyengkuyung perjuangane Pangeran Dipanegara liyane uga kasil ditelukake dening tentara Kumpeni Walanda. Nyi Ageng Serang pancen trengginas lan tansah bisa uwal saka tentara Kumpeni Walanda.Kadayan yuswa sing sansaya sepuh, ragane wis ora kuwat kanggo ambyur ing paprangan mungsuh tentara Kumpeni. Ing taun 1834 Srikandhi Mataram iki tinimbalan sowan ngarsane Gusti Allah nalika ngancik yuswa 72 taun. Dheweke kasarekake ing pasareyan Beku, Kulonprogo, Yogyakarta. Asmane tansah dieling-eling kanthi jejuluk Srikandhi Mataram. Asmane uga dadi tenger ratan gedhe ing tlatah Kutha Yogyakarta. [pakdhedar]