Tradhisi kanggo ngenthengake sanggan | Kliping Sastra Indonesia | Etnik dan Budaya
Tradhisi kanggo ngenthengake sanggan Reviewed by maztrie on 5:18 AM Rating: 4,5

Tradhisi kanggo ngenthengake sanggan

Miturut maneka asil panaliten sosial budaya sing magepokan urip lan panguripane wong Jawa, bebrayan agung Jawa kuwi kondhang sugih tradhisi sosial.
Tradhisi sosial sing isih dileluri dening saperangan bebrayan agung Jawa, mligine ing tlatah karang padesan, yakuwi tradhisi sinoman utawa iriban.
Werdine tradhisi sinoman kuwi ringkese ditegesi minangka nitip utawa nyumbang barang utawa tenaga marang liyan lan ing wancine mbutuhake bisa ditagih utawa dijaluk maneh. Tumrap generasi mudha Jawa jaman saiki, lumrah negesi tradhisi sinoman mung wates ing wujud tradhisi para nom-noman sing kapatah leladi ing sawijining kajatan mantu, supitan lan sajinise. Kepara ana pangerten yen sinoman kuwi ya mung wates pramuladi ing kajatan kuwi mau.
Iki jumbuh sawijining pangerten menawa asal-usule tembung sinoman kuwi saka tembung sinom sing tegese pucuk godhong asem utawa godhong asem sing enom. Tembung iki mirip kalawan tembung anom sing tegese mudha utawa enom. Hamula tembung sinoman banjur ditegesi minangka kadang wiranem utawa para nom-noman.Kamangka, ing tradhisi urip bebrayane wong Jawa sinoman kuwi wujude maneka warna. Sinoman lumrahe kawujud ing laku sambatan ngedegake utawa mbangun omah, sinoman ing laku nggarap sawah, sambatan nalika ana warga sing arep pindhah omah mligine nalika ana kulawarga anyar sing arep manggon ing omahe dhewe lan ora melu wong tuwa utawa maratuwa maneh.
Urun
Saliyane kuwi, sinoman uga kawujud nalika ana warga sing kesripahan lan nalika ana warga sing duwe kajatan kayadene mantu, supitan, mitoni utawa tingkeban, lan sajinise. Nalika ana sawijining warga sing duwe karep ngedegake omah utawa mbangun omah, akeh tangga teparo sing melu urun, nyumbang, murih anggone mbangun omah enggal rampung.
Ana sing urun tenaga kanthi melu sambatan mbangun omah ing petungan dina, ana sing nyumbangake gendheng, kayu, semen, gesik, watu lan matrial liyane. Lan nalika sing padha nyumbang mau uga duwe karep kanggo mbangun omahe, ndandani omahe, dheweke bisa ngira-ira kapan bakal ngawiti kanthi petungan sumbangan sing biyen tau diwenehake marang tanggane bakal dibalekake. Sumbangan kuwi bisa arupa tenaga, matrial lan liyane. Ing kene ana laku, nalika ana tangga sing arep mbangun utawa ngedegake omah, tangga liyane bakal aweh sinoman. Lan suwalike sing nyinom mau bakal nampa sinoman uga nalika dheweke uga arep mangun omahe.
Ing laku nggarap sawah uga ditrapake tradhisi sinoman. Tumrap wong Jawa nggarap sawah kuwi mbutuhane tenaga akeh. Ana tenaga kanggo macul, nggaleng, nggaru, ngluku, lan nandur. Yen kudu diayahi dhewe genah ora keconggah. Hamula ing saben mangsa ngawiti nggarap sawah mesthi bakal nampa sinoman saka tangga teparo kang samengkone bakal dibalekake kanthi cara nyinom ing tangga liyane sing uga nggarap sawah.
Yen ana kulawarga anyar sing arep manggon ing omahe dhewe,utawa arep pindhah omah saka omahe wong tuwane utawa maratuwane, lumrahe bakal kairingan pahargyan slametan. Laku pindhahe bakal dibiyantu tangga teparo. Nalika manggon ing omah anyar bakal ditiliki tangga lawas lan tangga anyar. Kabeh kuwi mbutuhake prabeya sing ora sethithik, sakorane kanggo upacara slametan lan nyuguh tangga teparo sing mbiyantu pindhahan lan sing padha tilik ing omah anyar.
Kabeh kuwi mau bakal kaleksanan lan karasa etheng sanggane kanthi sinoman saka tangga teparo. Kahanan kang kurang luwih padha dumadi nalika ana warga sing duwe kajatan mantu, supitan, mitoni, tedhak siten lan sajinise. Kajatan mangkene iki mesthi sinartan slametan lan pahargyan sing mbutuhake wragat ora sethithik. Kanthi sinoman saka tangga teparo lan sanak sedulur, kabeh bakal karasa entheng. Lan samengkone uga wajib nyinom marang tangga liyane sing uga duwe kajatan.
Kesripahan sing mesthi nuwuhake dhuhkita uga bakal karasa entheng jalaran sinoman saka tangga teparo. Yen kulawarga dhewe sing kudu ngurusi kabeh kapreluan kanggo ngubur sing mati, genah ora bakal keconggah. Hamula tangga teparo bakal gumregut nyinom murih ngenthengake kulawarga sing nandhang dhuhkita jalaran kesripahan. [solopos]