Tuladha oposisi Sabdopalon | Kliping Sastra Indonesia | Etnik dan Budaya
Tuladha oposisi Sabdopalon Reviewed by maztrie on 5:43 PM Rating: 4,5

Tuladha oposisi Sabdopalon

Empu Brajaguna III kuwi empu kondhang sing sugenge ing jaman paprentahane Sri Susuhunan Pakubuwana V ing Surakarta. Empu Brajaguna III ora liya putune Empu Brajaguna I sing sugenge ing jaman Krajan Kartasura.
Pangertosan oposisi wonten ing madyaning politik negari modheren mboten jumbuh kaliyan babagan panguwaos miturut kabudayan Jawi. Amargi, pengertosan oposisi punika kapendhet saking tatanan politik mancanegari. Bab oposisi punika sesambetanipun kaliyan paham bilih panguwaos sipatipun semu mboten sipat kasunyatan kados paham ing kabudayan Jawi.
Pramila ing budaya Jawi mboten wonten tuladha oposisi. Menawi ing wekdal sakmenika ing madyanipun politik ngrembaka babagan pranatan oposisi, ananging kalampahanipun mboten kados ing negari asalipun (tradhisi negari Inggris), jalaran bangsa Indonesia punapa malih bangsa Jawi mboten nganggit oposisi minangka angimbangi ingkang nyepeng panguwaos.
Jer oposisi ingkang sakestunipun punika mboten namung ”waton beda, waton sulaya” ananging inggih ngajengaken babagan ”laku setya” dhumateng ingkang ketemben nyepeng panguwaos pamarentahan. Kamangka ing samangke punika kalampahanipun oposisi wonten negari Indonesia cengkah kaliyan paham oposisi ingkang sayekti.
Miturut pahamipun oposisi ingkang sayekti bilih partai ingkang mimpang dados panguwaos lan partai ingkang kawon dados oposisi. Mboten kados ingkang sakmenika nembe kalampahan bilih partai ingkang kawon ngreridhu ndherek nyepeng panguwaos. Menika jer mboten jumbuh kaliyan tata kramanipun oposisi.
Saget pun wastani bilih tradhisi oposisi dereng kalampahan kanthi satatanipun paham oposisi kados ingkang ngrembaka ing negari manca. Kita taksih nengenaken budaya guyub lan rukun sesarengan mranata jejeging pamarentahan. Sinaosa kita sami rebut panguwaos ananging ingkang kawon taksih saget pun kanthi nyepeng panguwaos pamarentahan.
Pramila tata kramanipun politik modheren sakmenika mboten jumbuh kaliyan budayanipun bebrayan Jawi ingkang sayekti taksih pun ugemi. Mboten wonten paham oposisi ing madyaning budaya Jawi. Amargi menawi wonten sadhengah ingkang mboten sarujuk utawi benten pemanggih kaliyan panguwaos saget kasebat mbalela.
Wonten cariyos sujarah ingkang hambokbilih saget kagem prawacana oposisi miturut budaya Jawi. Kados cariyos Sabdopalon Nayagenggong ingkang sampun kawentar ing madyaning tiyang Jawi. Ing pundi kacariyosaken bilih Sabdopalon ingkang pinangka abdinipun Sang Prabu Brawijaya mboten sarujuk kaliyan sesembahanipun ingkang wekdal punika gantos kapitadosan agama Rasul.
Sabdopalon mboten sarujuk menawi sang Narpati gantos keyakinan agama Rasul awit sampun kinodrat bilih tiyang Jawi sampun kagungan kapitadosan wiwit leluhuripun inggih punika agama budhi. Pramila Sabdopalon pisah kaliyan sang Nata mboten malih nunggal nyawiji ngembani panguwaosipun kanthi ndawahaken ”sabda” bilih mangke ing titi wancinipun Sabdopalon badhe mangsulaken agama budhi tumrap ing tanah Jawi.
Tuladha Sabdopalon puniko taksih tebih kaliyan maknanipun oposisi ananging ngandut makna ingkang sinandi bilih menawi mboten sarujuk kaliyan pangarsaning panguwaos kedah nengga wekdal titi wanci gantos gumiliring nguwaosi ing mangkenipun, utawi mboten ngreribeti ingkang nembe nyepeng panguwaos.
Menawi tuladha Sabdopalon puniko minangka piwucal becik tumrap jagad politik ing madyaning budaya Jawi, pramila ingkang sakmenika rumaos kawon ngrebat panguwaos saget ngupadi sarana murih pikantuk utawi wangsulipun panguwaos ing mangkenipun...ateges nengga titi wanci....![solopos]