Kahananipun basa krama | Kliping Sastra Indonesia | Etnik dan Budaya
Kahananipun basa krama Reviewed by maztrie on 6:46 AM Rating: 4,5

Kahananipun basa krama

Ing kalodhangan punika kula badhe ngaturaken sakedhik bab basa Jawi, mliginipun basa krama. Manut CF Winter Senior, juru basa nagari Surakarta Hadiningrat, basa Jawi kaperang dados tigang perangan inggih punika ngoko, madya, sarta krama.
Manut Ki Padmasusastra basa Jawi kaperang dados tigang perangan ageng, inggih punika ngoko, madya sarta krama. Tigang perangan punika taksih kaperang malih dados pinten-pinten perangan. Ngoko kaperang dados ngoko lugu, ngoko andhap (antya basa lan basa antya). Madya kaperang dados madya ngoko, madyantara, lan madya krama. Krama kaperang dados mudha krama, kramantara, lan wredhakrama.
Ingkang sok ndadosaken pitakenan, pamerang ingkang semanten kathahipun punika, punapa inggih sampun mujudaken gambaran ingkang nyata bilih basa punika kaginakaken dening bebrayan Jawi. Punapa namung nama kaleresan kemawon dipun ginakaken dening saperangan alit tiyang Jawi ingkang boten mangertos peranganing basa kados ingkang dipun ngendikakaken dening CF Winter Senior ing nginggil.
Ingkang sok kaserat wonten ing buku-buku kangge pamulangan ing pawiyatan inggih punika ingkang manut Ki Padmasusastra. Bab punika andadosaken bingungipun para siswa (nuwun sewu bokbilih gurunipun wonten ingkang bingung ugi), amargi boten saged mbentenaken pundi ingkang basa madyantara, pundi ingkang madyangoko, pundi ingkang mudhakrama lan sapiturutipun.
Basa krama lugu punika tembung-tembungipun migunakaken basa krama sadaya, dene basa krama alus punika basa krama ingkang kacampuran tembung krama inggil. Pamilah basa ingkang kados makaten punika langkung terang lan gampil anggenipun ambentenaken satunggal lan satunggalipun.
Ing wekdal sapunika kathah ing antawisipun kita ingkang boten patosa mangertos ngengingi basa Jawi, mliginipun basa krama. Jalaran ing saben dintenipun kita asring migunakaken basa Indonesia. Ing pamulangan, ing pepanggihan, lan ing sadhengah papan kita asring mireng sarta migunakaken basa Indonesia, saengga kados-kados basa Jawi punika kadheseg dhateng pinggir jurang ingkang lebet sarta peteng dening basa Indonesia.
Bab punika sampun boten saged kita selaki. Bukti nyatanipun, wekdal ing pamulangan ing tataran SD/MI, SMP/MTs, SMA/SMK basa Jawi namung angsal wekdal kalih jam pelajaran. Wekdal punika boten cekap kangge mucalaken piwulang basa Jawi ingkang sanyatanipun pancen angel.
Mliginipun malih bab basa krama. Kathah para nem-neman sapunika ingkang boten saged pacelathon migunakaken basa krama. Saupami saged, punika sampun boten runtut, wor suh boten kantenan. Tuladha ingkang nyata kula piyambak sapunika. Para sutresna tamtunipun boten kakilapan malih bilih basa kula punika sampun nalisir saking basa ingkang samesthinipun.
Basa ingkang dipun ginakaken saged kapilih miturut tiyang ingkang dipun ajak wawan rembag. Dhumateng ingkang sabarakan ingkang kita aosi, kita ginakaken basa krama, apes-apesipun ngoko andhap. Dhumateng ingkang langkung sepuh utawi ingkang langkung inggil drajat lan pangkatipun kita ginakaken basa krama inggil.
Kejawi punika, basa krama boten saged kangge nglairaken raos kereng ingkang kasar. Saupami ing margi, dumadakan wonten sepedhah onthel nyrempet kita. Tamtu kita boten saged mungel,”Adhuh, segawon. Netranipun punika dipun paringaken wonten pundi ta, Mas? Punapa netranipun sampun boten saged kangge mriksani, ngantos boten pirsa manawi wonten tiyang ngadeg ing ngriki?”
Nyuda
Sapunika sampun terang bilih basa krama punika magepokan kaliyan raos lan tatakrami. Ingkang punika nelakaken bilih temenipun, bangsa Jawi punika bangsa ingkang susila. Katitik tetembunganipun ingkang alus-alus, kalebet tembung krama lan krama inggil. Tembung krama inggil punika tetembungan ingkang taklim piyambak, saged nyuda ingkang kirang susila. Dados sanadyan mawia tembung ngoko pisan manawi kacampuran krama inggil (ngoko andhap) lajeng mindhak alus tata kramanipun.
Namung kemawon ing wekdal punika, sampun kathah tiyang Jawi ingkang boten saged rerembagan utawi pacelathon migunakaken basa krama. Jalaran kula, punika minangka tuladha, lan ugi taksih kathah sanesipun tiyang ingkang sabarakan kalihan kula, wonten ing griya boten nate migunakaken basa krama manawi matur kaliyan bapak saha ibu.
Kula inggih namung “ha-he”, kemawon. Tegesipun namung ngoko. Wonten ing margi, kepanggih tiyang ingkang dereng kula tepangi, inggih namung “ha-he”. Ing pundi papan inggih namung “ha-he”. Kang mangka, punika manut ngendikanipun pak guru, kala rumiyin boten nate tiyang ingkang dereng tepang migunakaken basa ngoko, apesipun ingkang dipunginakaken punika basa ngoko andhap. Punika kanyatan. Pancen benten kaliyan jaman sapunika.
Kangge njangkepi utawi mangsulaken malih tatakrami, utawi sopan santun ingkang ical, kersaa para bapak saha ibu guru ingkang ngasta basa Jawi, utawi ingkang nemtokaken kurikulum basa Jawi, maringi wekdal ingkang langkung kathah kangge unggah-ungguh basa, kanthi makaten kapeksa ngirangi wekdal kangge paramasastra, kasusastran, kagunan basa sarta nyerat aksara Jawi.
Basa Jawi punika saged kangge nedahaken tatakrama utawi sopan santun tumraping tiyang Jawi. Basa Jawi pranyata basa ingkang adiluhung, pramila kita badhe kecalan manawi basa Jawi saestu kacemplung ing jurang ingkang lebet sarta peteng jalaran saking kita piyambak ingkang boten nguri-uri dhumateng basa Jawi kasebut.
Saged sarta mbotenipun migunakaken basa punika (basa punapa kemawon) jalaran saking kulina punapa mbotenipun tiyang punika mireng punapadene migunakaken basa kasebut. Manawi kulina inggih badhe saged. Manawi boten kulina tamtu inggih badhe boten saged.Witing tresna jalaran saka kulina. Rak inggih ta? Sumangga. [pakdhedar]
~~maztrie~~