Kapok tenan | Kliping Sastra Indonesia | Etnik dan Budaya
Kapok tenan Reviewed by maztrie on 6:43 PM Rating: 4,5

Kapok tenan

Bagus wus kapok tenan, lan ora gelem maneh dolanan mercon. Apa sing ngapokake Bagus kuwi kedadeyan dhek sasi Pasa kepungkur. Critane mangkene.
”E, aja dolanan mercon uncal!” pambengoke pawongan sing mbeneri liwat ngarep poliklinik. Pawongan mau amarga ngerti ana bocah sekolah sing mandheg nuli nyumet mercon banjur diuncalake. Gek malah diuncalake ing plataran poliklinik.
”Sekolahmu ngendi, Le?” pitakone pawongan mau marang bocah sing nembe wae nguncalake mercon jemprit. Sing ditakoni mangsuli ora cetha. Sedheng kanca-kancane padha mlayu sajak keweden yen nganti dilapurake gurune utawa wong tuwane. Bareng ditakoni bocah mau jenenge Bagus.
”Kudune tumindakmu ya padha karo jenengmu. Bagus. Kowe ngerti ta, yen nganti mercon mau ngenani wong liya mesthi bakal cilaka. Sakora-orane dadi kaget,” ngendikane bapak kuwi mau.
”Ning boten muni kok, Pak,” pambelane Bagus.
”Najan ora muni, kuwi mbebayani. Wis, pokoke luwih becik aja mbok baleni maneh,” pawongan mau ngandhani Bagus. Dheweke uga takon sapa wong tuwane Bagus.
”Pak Bambang Irawan.”
”Pak Bambang Irawan, sing dadi guru SMPN 1 kae?” pitakone nyethakake. Jebul pawongan mau ora liya biyen kanca sekolahe bapake Bagus.
Pawongan kuwi kandha jenenge Hermawan, sing kapinujon numpak pit arep mapag anake sing sekolah ana Taman Kanak-kanak. Bagus banjur dikongkon enggal mulih. Bagus mung meneng wae karo ndhingkluk amarga rasa wedi yen nganti dilapurake marang bapake.
Ing sawijining dina, kapinujon Pak Hermawan ketemu karo bapake Bagus ana toko buku. Kanca lawas sing ketemu kuwi banjur crita mungguh kabare. Lan maneh, kalorone suwe ora ketemu, sanajan isih sakutha. Dumadakan Pak Hermawan takon pira putrane Pak Bambang Irawan.
”Loro, sing siji wis kelas III SMA lan sing ragil isih kelas VI SD, wadon karo lanang,” mangkono keterangane Pak Bambang Irawan marang Pak Hermawan.
Pak Hermawan dadi kelingan bocah sekolah sing nguncalake mercon ing ngarep poliklinik. Pak Hermawan terus kandha menawa anake lanang Pak Bambang, sing jenenge Bagus kuwi, tau dolanan mercon karo kanca-kancane ing cedhake poliklinik.
”Ning dikandhani sing becik wae lho yen mengko ketemu karo anakmu,” kandhane Pak Hermawan.
”Kosik ya, aku tak bayar buku dhisik,”sambunge Pak Hermawan
”O, ya. Mangga, mangga Mas Her,” wangsulane bapake Bagus marang Pak Hermawan.
Wengine, Pak Bambang Irawan weruh bocah-bocah padha metu saka mesjid. Bagus katon metu saka mesjid kuwi, nanging nuli enggal mulih. Sedheng kanca-kancane ana sing dolanan kembang api uga ana sing dolanan mercon. Pak Irawan mandheg sedhela ngulati bocah-bocah sing nyumet kembang api apa dene mercon. Karepe arep nggoleki Bagus, nanging ora ana. Bareng tekan ngomah, bapake nimbali Bagus.
”Inggih, Pak. Wonten napa nimbali Bagus?” semaure Bagus dibacutake takon marang bapake. Bapake nuli takon marang Bagus kenapa dheweke ora melu dolanan nyumet kembang api apa dene nyumet mercon.
Bagus mangsuli entheng, ”Kula pun kapok, Pak.”
”Kok kapok? Ngapa?” pitakone bapake pingin ngerti wangsulane Bagus.
Bagus nyritakake kedadeyaan nalika nyumet mercon sing diuncalake ing plataran poliklinik. Lan wektu kuwi malah katemu karo pawongan sing jenenge Hermawan. Lan pranyata pawongan mau jare kancane bapake. Bagus uga nyritakake, menawa wong sing jeneng Pak Hermawan ngandhani akeh-akeh, supaya dheweke ora dolanan mercon. Kuwi sing njalari Bagus kapok lan ora gelem dolanan mercon maneh.
Krungu katrangan anake, Pak Irawan mesem. Dheweke kelingan apa sing dicritakke Pak Hermawan nalika ketemu ing toko buku. Pak Irawan nuli ngelus-elus rambute Bagus. Bagus rumangsa seneng amarga bapake ora ndukani, apa maneh bapake uga crita nemawa Pak Hermawan pancen nyritakke tau ketemu karo Bagus.
”Syukur yen ngono. Ateges kowe wis ngerti tuna lan rugine dolanan mercon. Kajaba boros, sing luwih mbebayani, mercon mono dadi larangane pamarentah...”
”Malah bisa nyilakani marang wong liya utawa awake dhewe, rak nggih ta, Pak?” kandhane Bagus nyelani ngendikane bapake. Pak Irawan mung mesem karo ngalem marang Bagus.
”Miturut Bagus, nyumet mercon kuwi becik apa ora?”
”Mboten, Pak.”
”Sebabe?”
”Kajawi boros, ngrugekaken tiyang sanes saha awakipun piyambak. Ing mangka, boros niku klebet pembujuke setan, ngrugekaken tiyang sanes saha awakipun piyambak niku dosa,” kandhane Bagus. Pranyata Bagus jebul nirokake isine ceramah ing mesjid, lan maneh sing ceramah ora liya bapake dhewe sing kejatah ceramah ing malem Kemis kuwi mau.[solopos]