Ngeja kutha lumantar komik | Kliping Sastra Indonesia | Etnik dan Budaya
Ngeja kutha lumantar komik Reviewed by maztrie on 6:46 PM Rating: 4,5

Ngeja kutha lumantar komik

Ing kahanan budaya maca kang mrihatinake banget tumrap bebrayan agung bangsa Indonesia, komik dadi salah sijine sarana kanggo mbabar panyaruwe lan gegambaran apa kang dumadi ing madyaning bebrayan agung.
Budaya maca sing kalah kalawan budaya ndulu, mindeng, njinggleng lan ngrungokake pancen ndadekake sakehing kahanan lan kanyatan ing kiwa tengen papan dununge warga bebrayan sok-sok kalepyan saka kawigaten. Kepara akeh kanyatan lan kahanan kang ora digagas jalaran luwih ketarik marang kanyatan lan kahanan sing dibabar ing giyaran tivi, radhio lan Internet.
Komik bisa didayakake kanggo ngawekani kanyatan kasebut. Komik kang njumbuhake gambar lan tulisan bisa dadi sarana kanggo nepungake bebrayan marang budaya maca, tanpa kudu kelangan kekareman marang budaya mindeng, ndulu lan njinggleng sing umume tumrap objek gambar.
Ing kahanan mangkono kuwi, miturut Ismail, pangripta komik strip Sukribo sing ajeg dibabar ing ariwarti Kompas dina Minggu, komik bisa didayakake kanggo mbabar apa kang kudu digagas, dipikir lan ditindakake dening warga bebrayan ing madyaning kanyatan lan kahanan jaman saiki.
”Komik bisa didayakake kanggo ngeja urip lan panguripan. Komik bisa kanggo ngeja kutha sing ing titi wanci pungkasan iki kaya-kaya dadi impene kabeh wong. Ana panganggep lamun urip sing kepenak kuwi ya ing kutha, hamula sing aran urbanisasi banjur sansaya ngrembaka,” piterange Ismail, nalika medhar andharan ing wicarana kanthi underan Membaca Ko(mik)ta ing Galeri Kecil Taman Budaya Jawa Tengah (TBJT) Solo, dina Jemuah (23/10) wengi.
Wicarana kuwi minangka rerangkene acara Pekan Komik dan Animasi Nasional 7 (PKAN 7) wiwit dina Rebo (21/10) nganti dina Minggu (25/10) sing diadani dening Departemen Kebudayaan dan Pariwisata (Depbudpar). Ing titi wanci pungkasan iki, miturut Ismail, kutha kaya-kaya dadi impene kabeh wong.
”Sakorane, aku ora tau krungu ana wong sing duwe gegayuhan urip mulya ing desa. Lan kanyatan kuwi pancen salaras kalawan gegambaran umum wong Indonesia sing bisa kadulu saka giyaran tivi. Meh kabeh sing digiyarake tivi kuwi tansah njupuk papan lan underan kutha. Lamun ana giyaran ing desa, mesthi kaimbuhan krenteg kanggo ngudi kamulyan ing kutha,” pratelane Ismail.
Lan jagad komik dhewe kanyata wus ngrekam sakehing impen babagan urip mulya ing kutha kuwi. Komik-komik roman jaman taun 1960-an nganti taun 1970-an tansah mbabar gegambaran babagan urip lan panguripan ing kutha kang kabiji luwih kepenak tinimbang urip ing desa. Lan sing sinebut kutha ing komik-komik roman taun 1960-an nganti 1970-an kuwi ora liya kutha Jakarta.
Impene wong-wong gegayutan urip mulya ing kutha kanyata uga isih munjer ing Jakarta. Pancen ora bisa diselaki jer Jakarta mono wiwit kawitan Orde Baru pancen diwangun dadi punjere panguwasa lan pusere ekonomi. Wusana Jakarta dadi pusere kabeh kang gegayutan karo urip lan panguripane bebrayan agung bangsa Indonesia.
Banjur kepriye yen impen urip ing kutha kuwi katujokake marang kutha saliyane Jakarta? Miturut Afri sing nggilut jagad animasi kang uga dadi pamicara ing wicarana kuwi, kutha-kutha ngendi wae jan-jane kabeh padha. Kabeh padha semrawut lan sumpege kaya Jakarta. Komik ing kahanan mangkono mau bisa didayakake kanggo mulang warga bebrayan agung murih bisa ndunungake kutha lan desa jumbuh kanyatan lan kahanan kang sejati.
”Komik bisa didayakake minangka sarana nggugah wong-wong saka impene sing sragam, yakuwi pengin urip mulya ing kutha. Komik uga bisa didayakake kanggo nyengkuyung ngrembakane impen-impen sing kawusanane mung akeh apus-apuse kuwi. Komik bisa didayakake kanggo mulang warga bebrayan lamun kutha kuwi ora sarwa nyenengake. Komik bisa dadi sarana kanggo ngeja kutha sing sarwa semrawut, awut-awutan lan sansaya rusak kuwi. Komik bisa dadi sarana kanggo ndhidhik lan nggegulang bebrayan,” tandhese Afri. [solopos]