Ngenteni ’’Sampyuh Ageng’’ | Kliping Sastra Indonesia | Etnik dan Budaya
Ngenteni ’’Sampyuh Ageng’’ Reviewed by maztrie on 3:05 AM Rating: 4,5

Ngenteni ’’Sampyuh Ageng’’

KANTHI perang, diajab bakal muncul pemenang lan ana kerampungan. Nanging nyatane ora mesthi kaya mengkono. Ora nglairake pemenang saka salah siji ing antarane loro sing padha bandayuda, perang malah sok-sok mung ngloropake loro-lorone dadi bathang: sampyuh!
Kanthi kebak simbolik sampyuh kuwi digambarake ing ’’ukara’’ pungkasan Dentawyanjana utawa carakan Jawa. Unine ’’maga bathanga’’. ’’Ukara’’ iki kerep ditegesi ’’(padha-padha) dadi bathang utawa padha-padha mati’’.


Minangka ’’ukara’’ sing pungkasan, mesthi wae ana pratelan sadurunge. ’’Padha jayanya’’ unine. Tegese padha jayane utawa padha sektine.


Jlentrehe, ’’ukara’’ pungkasan sing dirembug mau, kaya sing umume wis disumurupi dening para maos, nggambarake ending lelakone Dora lan Sembada. Dene lelorone dhapur batur tumrap Aji Saka. Loro-lorone mung wong-wong sing bisane sendika dhawuh marang bendarane. Diprentah ngulon ya ngulon, dikongkon ngetan ya mesthi wae ngetan.


Kacarita, Dora lan Sembada tansah setya tuhu marang bendarane, Ajisaka. Ing sawijining dina, Ajisaka sing sekawit cumondhok ing Pulo Majeti, nedya andon lelana menyang tanah Jawa. Dora sing ngancani ngumbarane Ajisaka, dene Sembada tetep mapan ing Majeti. Sadurunge lunga, Ajisaka prentah Sembada supaya njaga pusaka-pusakane. ’’Aja pisan-pisan kokulungake pusaka iki marang sapa wae, kejaba marang aku pribadi,’’ pratelane Ajisaka.


Tumeka ing tanah Jawa, akhire Ajisaka kasil nyirnakake mahadurja Medhangkamolan, Dewatacengkar, sing senengane mangan daging menungsa. Ajisaka banjur ngratoni Medhangkamolan.Nalika madeg ratu, dheweke kelingan manawa isih ninggal pusaka ing Majeti. Mula, banjur utusan marang Dora supaya njupuk pusaka mau.


Tumeka ing kana, Dora mratelakake prentahe Ajisaka. Nanging kanggone Sembada, angel bisane percaya marang kandhane Dora. Sebab, Ajisaka sadurunge ninggalake Majeti wis wanti-wanti manawa aja pisan-pisan pusaka iku diulungake sapa wae yen ora marang sing nduwe dhewe, ya Ajisaka kuwi.


Dene tumrap Sembada, aluwung bali kari aran yen nganti ngadhep Ajisaka tanpa nggawa pusaka mau. Kabeh rumangsa kudu ngestokake dhawuh, kabeh padha rumangsa bener. Mula, banjur uga nggegegi marang benere dhewe.


Mesthi wae yen rumangsa manawa mung awake dhewe sing bener, padha wae karo nganggep liyan kuwi sing luput. Kosokbaline rumangsa yen bener, mesthi wae ora trima lamun benere mau diterak liyan.


Ora cukup adu gunem, Dora lan Sembada banjur adu atosing balung wuleding kulit. Lelorone perang tandhing. Jroning perang tandhing, kabeh-kabeh padha ngetog katiyasane. Ngira manawa kanthi ngetog katiyasan iku temene nuduhake kekuwatan lan keunggulane. Nanging nyatane ora mesthi kaya mengkono.


Jroning keblebegan nepsu ngetokake kekuwatan, temene ing kono malah binabar keringkihan. Yen ing sisih kiwa lagi diketog kekuwatan, ing sisih tengen temene lagi kagelar kelemahan. Mengkono sateruse.


Dora lan Sembada mujudake utusan, dhapur kongkonan sing kudu ’’data(n) suwala’’ marang kewajiban sing disampirake ing pundhake. Dora lan Sembada uga wis padha-padha nuduhake kasekten lan daya kekuwatane. Nanging lelorone kudu ngundhuh wohing panggawe —ora mung penggawene dhewe, nanging uga penggawene wong sing dilabuh-labeti sing jebul kurang bisa ngrasakake apa sing dirasakake bature.




Baratayuda
Yen ngrembug perang, mesthi wae ora bisa nglalekake Baratayuda. Iki mono perang gedhe sing dadi ’’jantunge’’ Mahabarata. Perang antarane Pandhawa lan Kurawa iki dudu salumrahe perang, nanging perang sing wis dadi gambaran paling komplet. Ing kono alesan apa wae bisa digawe tumrap perang, cara apa wae bisa tinempuh jroning perang, sanajan perang saya dadi papan gumelare samubarang sing maone mokal dadi mungkin, sing maone kira-kira dadi luwih mesthi.


Baratayuda, sing kebak banjir getih lan luh iku, tetep wae dening para dhalang sinebut minangka perang. Perang antarane ala lan becik, lambang perang nepsune manungsa. Mula, ora ana siji wae pawadan endha saka perang. Ora sing saka pihak Kurawa, apa maneh sing saka barisane Pandhawa.


Jroning crita wayang mau, paraga(tama) pancen jejer minangka wayang sing kapan wae kudu tansah siyaga maju perang. Jroning wayang uga ana dhalang sing ngatur metu-mlebune wayang, yen perlu malah pati-uripe wayang. Saora-orane kuwi sing ditindakake dening Kresna, sing ora mung dadi botohe Pandhawa, nanging uga sing wis ngerti samubarang wadi jroning skenario gedhe perang mau.


Banjur apa entuk-entukan perang sing ndadekake kaya-kaya apa wae banjur dadi mandheg, banjur kebeh kudu ngenerake pandeleng ing Kurusetra? Sadurunge mesthi kudu dikandhakake manawa embuh janjane cilik apa gedhe, embuh sentosa apa ringkih, kabeh pihak mesthi rumangsa manawa posisine iku bener. Kejaba iku, padha duwe optimisme. Optimistis yen bakal menang.


Nanging apa nyatane? Bratayuda dumadi ora mung sedina-rong dina. Baratayuda ora mung nyeret wong siji-loro ngadani yuda lan pungkasane dadi bebanten. Baratayuda akhire uga ora mung njaluk bebanten arupa jiwa-ragane para penggedhe, nanging luwih akeh mangan nyawane para kawula.


Banjur sapa sing menang? Kayadene peribahasa ’’menang jadi arang, kalah jadi abu’’, Baratayuda temene sithik wae ora nyisihake kamenangan tumrap sapa wae. Dudu kanggo Pandhawa, apamaneh Kurawa. Ending Baratayuda ing tata batin pancen mung ana pihak siji sing kalah. Kamangka sing satemene mung dadi episode sampyuh. Sampyuh ageng!


Tenan, sapa sing kandha Pandhawa kelakon ngregem kamenangan? Kamenangan model apa sing bisa diundhuh? Kanikmatan apa sing bisa direng­kuh? Ora ana, kabeh mung dadi sepa, kabeh mung kari sepi sing ngrerujit ati.


Pungkasane, kepriye yen ’’sato kewan’’ loro padha memungsuhan lan banjur perang tandhing? Apa iya baya mung bisa ditandhingi dening sura (hiu), upamane? Yen baya lumawan sura bakal padha sektine, padha jayane, nanging uga banjur ’’maga bathanga’’, apa cecak bakal luwih gampang sirnane dening baya? Apa ora malah kelakon sampyuh ageng yen kabeh-kabeh banjur padha triwikrama, merga rumangsa mung dadi batur, dhapur kongkonan, lan rumangsa mung saderma nglakoni? [suaramerdeka]