Pameran seni rupa Petruk Nagih Janji Pasemon tumrap panguwasa | Kliping Sastra Indonesia | Etnik dan Budaya
Pameran seni rupa Petruk Nagih Janji Pasemon tumrap panguwasa Reviewed by maztrie on 6:15 PM Rating: 4,5

Pameran seni rupa Petruk Nagih Janji Pasemon tumrap panguwasa

Jagad raya owah nut jaman kelakone. Jaman owah wiwit saka krajan siji ganti krajan liyane, saka panguwasa siji ganti panguwasa liyane, nganti titi wanci ngrembakane demokrasi.
Lan ing jaman kang tansah owah kuwi Petruk mesthi ana, ngenteni janjine panguwasa sing durung kasembadan.
Jaman owah, panguwasa ganti gumanti, nanging Petruk tetep urip, ora mati-mati, jalaran janjine panguwasa marang dheweke sing durung diwujudake. Saka owahing jaman wusana Petruk tekan ing jaman lan paprentahan modheren, ya jaman saiki. Petruk gumun nalika weruh ana wong sing blegere memper dheweke.
Wong kuwi irunge dawa, rambute dikuncrit, wetenge mblendhing, memper Petruk. Wong kuwi uga nggawa pethel, gaman jaman purbakala sing dadi cirine Petruk. Nanging Petruk sing iki katon umuk banget, sesongaran. Dheweke ora nganggo sarung, nanging nganggo celana sleret ireng, biru, kuning lan abang.
Gegambaran Petruk ”modheren” kuwi kawujud ing gambar asil karyane senirupawan Nasirun, kanthi irah-irahan Dasar Petruk sing dipamerake ing pameran senirupa kanthi irah-irahan Petruk Nagih Janji, mapan ing Balai Soedjatmoko Solo, wiwit dina Minggu (18/10) nganti dina Minggu (25/10).
Petruk sing wus urip ngliwati jaman gumanti jaman kuwi banjur takon marang sawijining wong babagan sandhangane wong sing memper banget kalawan dheweke kuwi. Dening wong kuwi dijlentrehake menawa sandhangan sing dianggo Petruk ”modheren” kuwi ora liya sandhangan jaman modheren. Cakrike pancen ora cetha, kepara wujude uga ora nggenah, sing penting wernane ngejreng.
Crita lelakone Petruk sing nganglang jagad, ngliwati jaman sing owah, wiwit jaman krajan nganti titi wanci pungkasan iki dijlentrehake ing katalog pameran sing dianggit dening Sindhunata. Petruk banjur ngematke kanthi temen-temen pawongan sing memper dheweke kuwi. Pambijine, Petruk ”modheren” kuwi genah wagu banget.
Patrape kaya cowboy ing dharatan Amerika kana, nanging tangane dikalungi slendhang abang kaya sampur, memper wong arep tayuban. Dheweke uga nggawa pethel, persis pethele Petruk, nanging anggone nggawa memper wong nggawa pistol. Patrape sansaya wagu jalaran methangkring ing ndhuwur kursi, kumawasa banget. Petruk mbiji menawa pawongan sing memper dheweke kuwi pancen wong sing kumawasa, kedananan kalungguhan, sok mriyayeni.
Petruk mlaku maneh mecaki dalan ing jaman modheren iki. Dheweke ketemu maneh kalawan pawongan sing memper dedeg piyadege. Wong kuwi nyandhange sarwa mlithit, klimis, sandhangane cakrik sandhangan Jawa. Nganggo kuluk werna biru, jas beskap, jarite lorek biru, tangane sing siji nyekel srutu. Nanging Petruk sing siji iki anggone nyekel pethel katon wagu temen-temen.
Metruk
Yen Petruk genah tansah nyengkelit pethele ing bangkekan. Nanging wong sing memper Petruk siji iki pethele dicangking kaya jenderal nyekel tongkat komando, pralambang kuwasa. Petruk rumangsa ora cocog karo blegere wong siji kuwi. Miturut Petruk, kuwi genah wong sing patrape memper panguwasa. Prejengane Petruk sing nyangking pethel kayadene tongkat komando kuwi asil karyane senirupawan Slamet Riadi kathi irah-irahan Piye Janjimu.
Gambar Petruk cowboy lan Petruk panguwasa kuwi dipamerake ing Balai Soedjatmoko bareng gambar-gambar Petruk liyane asil karyane 20 senirupawan saka Yogyakarta. Kabeh gambar Petruk sing dipamerake kanthi underan panguwasa, janji-janjine panguwasa sing ora nate kasembadan lan rakyat sing tansah ngarep-arep wujud janjine panguwasa. Yen lelandhesan wujud gambar-gambar sing dipamerake pancen nyata ana gegambaran lakune Petruk saka jaman ja majuja nganti titi wanci pungkasan iki kanggo nagih janjine para panguwasa. Panguwasa kuwi digambarake wiwit jamane para dewa, raja-raja, presiden nganti lurah ing jaman saiki.
Dudutane, miturut Ardus M Sawega, Pangarsa Balai Soedjatmoko lan sing duwe gawe pameran, Petruk Nagih Janji suka gegambaran kahanane rakyat cilik sing tansah kapusan dening para panguwasa. Kamangka para panguwasa kuwi kasil nglungguhi kursi panguwasa jalaran panyengkuyunge rakyat. Rakyat gelem nyengkuyung jalaran para calon panguwasa ngumbar janji sing ndemenakake, nanging kawusanane nalika wus dadi panguwasa lali marang janjine.
Petruk Nagih Janji uga suka gegambaran patrape saperangan wong-wong jaman saiki sing tansah nggawa-nggawa jenenge rakyat utawa metruk kanggo nggayuh kalungguhan panguwasa. Kanggo nyekel panguwasa kudu nggawa jenenge rakyat. Petruk dhewe, wiwit jaman biyen didunungake minangka gegambarane rakyat. Hamula yen ana wong sing nggawa-nggawa jenenga rakyat ya kudu metruk, memba-memba dadi petruk.
Dene nasibe rakyat dhewe ya panggah tetep kaya Petruk. Gegambarane kaya instalasi karyane Kelompok Hitam Manis asesirah Sumpah Serapah sing digawe saka plat wesi, vernis lan dimensi variabel. Sumpah Serapah wujud sirah petruk sing suwek perangan cangkeme. Kuwi pralambang rakyat sing tansah bengok-bengok nagih janjine panguwasa nanging ora tau direwes dening panguwasa, kamangka anggone mbengok prasasat nganti suwek cangkeme. [solopos]