Pitutur Adiluhur Wucalan moral lan filosofi gesang tumrap sinten kemawon | Kliping Sastra Indonesia | Etnik dan Budaya
Pitutur Adiluhur Wucalan moral lan filosofi gesang tumrap sinten kemawon Reviewed by maztrie on 6:41 AM Rating: 4,5

Pitutur Adiluhur Wucalan moral lan filosofi gesang tumrap sinten kemawon

Saderengipun agama-agama manca, inggih Hindu, Budha, Kristen, Katholik lan Islam, ingkang ngamot tapsiran-tapsiran luhur, lumebet ing tanah Jawi, tiyang Jawi yekti sampun hanggadhahi tapsiran-tapsiran luhur piyambak.
Tapsiran luhur ingkang asring sinebut filosofi Jawi punika sampun dados tradhisi lan gesangipun tiyang Jawi. Lelandhesan tapsiran luhur “asli” punika tiyang Jawi nata gesangipun, nata pasrawungan tuwin sesambunganipun kaliyan tiyang sanes, kalawan lingkungan, kalawan leluhur, tuwin kalawan Ingkang Murbeng Dumadi.
Lelandhesan tapsiran-tapsiran “asli” punika ugi, tiyang Jawi nyalarasaken sesambungan antawisipun makrokosmos (jagad ageng) kalawan mikrokosmos (jagad alit) ingkang tundhonipun ngracik tatanan gesang ingkang harmonis.
Falsafah utawi filosofi ingkang dados landhesan wucalan moral ingkang mengku larangan tuwin pamrayogi punika kaemot ing paribasan, bebasan, sanepa, saloka, wangsalan, panyandra, unen-unen lan sapiteratipun.
Kanthi tapsiran-tapsiran ingkang dipunsebarakan lan dipunwarisaken lumantar tembang, geguritan, dongeng, babad, sarana tinulis (literer) lan lisan, tiyang Jawi ngleluri, ndayakaken, ngetrapakan lan marisaken tapsiran-tapsiran luhur punika dhateng generasi mudha.
Emanipun, salaras owah gingsiripun kahanan lan jaman, tapsiran-tapsiran “asli” asumber budaya Jawi punika sansaya kasingkur, kasingkir lan kakiwakaken, kepara sampun meh cures. Kathah tiyang Jawi ingkang rumaos dereng nate mireng, punapa malih mangertos tuwin nindakaken.
Proyek “Indonesianisasi” kawusananipun ndadosaken kasingkiripun basa Jawi (ugi basa dhaerah sanesipun). “Indonesianisasi” punika yektosipun sinartan lampah kangge nepangaken tuwin nguri-uri budaya dhaerah, kalebet budaya Jawi, nanging mboten kuwawa nandhingi owah gingsiripun kahanan ingkang ndadosaken budaya Jawi kasingkir lan kasingkur.
Lelandhesan kanyatan punika, prelu sanget wonten lampah enggal kangge ngawekani kahanan kados makaten. Buku Pitutur Adiluhur, Ajaran Moral dan Filosofi Hidup Orang Jawa anggitanipun St S Tartono, weton Yayasan Pustaka Nusatama Yogyakarta, Juli 2009, mengku sedya kados makaten kalawau.
Buku ingkang kaserat ing basa Indonesia, 454 kaca punika, kaajab segat dados sarana kangge nepangaken malih saperangan tapsiran-tapsiran luhur asumber budaya Jawi “asli” ingkang sapunika sampun kasingkur lan kasingkir saking madyaning bebrayan agung Jawi.
Benten kaliyan buku lumrahipun, buku ingkang ngamot 828 unen-unen, bebasan, paribasan, saloka, sanepa , wangsalan, panyandra lan sanes-sanesipun punika mboten kaperang ing pinten bab.
Buku punika namung kaperang dados purwaka (kula nuwun), atur panuwun, daftar isi (ingkang ngamot kaca dunungipun unen-unen jumbuh kawitan aksaranipun), andharan babagan sinten tiyang Jawi punika ingkang kalajengaken andharan 828 tapsiran luhur asumber budaya Jawi.
Buku punika prayogi sanget katumrapaken para nom-noman utawi generasi mudha Jawi ingkang racakipun mboten wasis micara basa Jawi. Andharan ing buku punika kaserat ing basa Indonesia ingkang tamtu kemawon nggapilaken sedaya tiyang ingkang ketarik dhateng wucalan luhur asumber budaya Jawi. [pakdhedar]
~~maztrie~~