Permadi Boyong, Crita Carangan Klasik | Kliping Sastra Indonesia | Etnik dan Budaya
Permadi Boyong, Crita Carangan Klasik Reviewed by maztrie on 6:51 AM Rating: 4,5

Permadi Boyong, Crita Carangan Klasik

Permadi Boyong, klebu crita carang dinapur, tegese crita kang kagubah dening empu pewayangan Jawa, kang njangkepi crita Mahabarata asli India.


Critane “standar”, sakmadya, Permadi lang Lara Ireng wis selapan dina anggone mentas angayahi pahargyan temanten. Ing kene godha wis mulai miwiti ngreridhu pahargyan pangundhuhan penganten ing negara Amarta.
Pagelaran kang dianakake ing tlatah Slawi, binuka dening Talu. Tumrap para sutresnane Wayang Prabu kang remen lan suasana pagelaran jangkep, mesthi priksa, yen talu kuwi bagian kang kaya dene intro ing sawijining lagu tumrap musik barat. Ing swasana talu kuwi, biyasane dadi pangantu antu tumprap para pamriksa. Dadi tanda yen Ki Dhalang njangkah munggah ing panggung.

Yen biyasane ing undhuhan liyane, talu disirahi karawitan pathet sanga ayak ayak, palaran lan tiba ing talu, njupuk wektu setengah jam. Ing jaman mbiyen ngisi penuh setengah isi kaset.

Nanging ing lakon iki murni talu, saka buka kendhang langsung talu, wektune amung kurang saka 3 menit. Cekak Aos !

Jejeran sepisan, Kraton Mandura uga dibukak langsung dhodhogan ayak ayak, lan pungkasaning jejeran janturan, seseg terus sulukan pathet nem ageng.
Lha ing kene iki, arang arang cakepan kang gegayutan lan adegan jejeran kaya ing ngisor iki kapatrapake. Pas lan adegan jejerane.

Sang Baladewa Narpati,
Tuwin sang Nareswara Kresna,
Kalangkunging tresnanira,
Marang Dyah Banon Cinawi
Mangka pisah unggyanipun,
Mila tansah tanya warta
Wau Sri Narendra kalih mring sang retna Madubranta.

Dene ada-ada girisa cakepane lumrah ing meh saben jejeran sepisanan.
Rembug jejeran menggalihake bab panyuwune para kadang Pandawa lan Sri Kresna dhewe, ngemuti Prabu Baladewa kuwi kadang sepuh. Kayangapa-a kudu diaturi rawuh ing pahargyan ngundhuh mantu mau. Najan ing rasa Prabu Baladewa isih nduwe rasa isin amarga klakon bandayuda lawan Werkudara sabab mbelani adhi ipe Burisrawa. Nanging sepira-a sing njugarake palakramane Burisrawa lan Wara Subadra, merga Permadi lan para Pandhawa saguh ngana’ake pamundhutan saka Prabu Baladewa nalika semana, wujud:
  1. Kreta kencana kang rinakit kudha yaksa, kinusiran wanara seta kang bisa tata jalma.
  2. Pahargyan kaana’ake ing bale kencana karengga ing putri dhomas.
  3. Ngrawuhake tamu para dewa lan widadari.
  4. Abon aboning suralaya wujud kayu klepu Dewandaru, kembar mayang gedhang mas pupus cindhe.
  5. Tumuruning widadari kang nabuh gamelan Lokananta, lan
  6. Srah srahan Maesandanu cacah 140. kang nalika semana darbe sang Dhadhungawuk.
Nanging bab kang kapungkur meksa kudu dilaekake dening sang Prabu Baladewa, nulya Para Kadang Yadhawa lan sawijining kadang Pendhawa yaiku Werkudara pada budhal.

Adegan pisowanan njawi, Patih Pragota, Tumenggung Prabawa, katerusake bidalan.
Ing njerone ana candran tetumpakan Kreta Jaladara, kretane Prabu Kresna, katerusake kebiyasaan ki Narto yen ngayahi pagelaran “Live”, yaiku “celengan”.

Ganti adegan sabrangan kawiwitan kaya padatan dening sulukan Pathet Kedu. Negara Tunggul Malaya Prabu Malayadhenta, kang kasmaran marang Dewi Rara Ireng. Senajan wis dipenggak Sang Patih, nanging tetep adreng kekarepane sang Prabu anggone arep ngrebut Wara Sumbadra saka tangane Permadi.
Budhale wadya Tunggul malaya kepapag barisan saka Mandura dadi pancakara lan perang gagal kurang luwih njupuk wektu 25 menit. Cukup panjang, nanging mangga dipun rahabi “variasi” cak cakan perang gagal kang karengga seni perang pedhalangan kang mumpuni. Pungkasane barisan negara sabrang keseser yudane dening Gathutkaca sakancane.

Sing ora nate ditindakake dhalang liya ing jamane, srepeg Mataraman nyawije’ake pagelaran gaya Jawa Tengah lan Ngayogyakarta dadi sa panggung, ngiringi budale para wadya saka Mandura anggone nerusake laku. Nganti mlebu gara gara gagrag Metaraman isih kapatrapake.
Ing Panglemunan, ana titah Drubiksa aran Jim Laksita lan adhine wanita Jim Laksini kang ketaman Kunjana Papa, tegese setengah edan. Kekarone padha kasmaran. Jim Laksita kasmaran lan Wara Subadra lan Laksini kasmaran lan Dewi Wara Subadra.

Saka sektine sendhang Sempaliputri, warisan saka ramane, Jim Candabhirawa, klakon Jim sakarone bisa mancala putra mancala putri, malih warna dadi Permadi lan Wara Subadra. Nulya budal kakarone sawisa dadi Permadi lan Rara Ireng.

Sa jam luwih-luwih saka seprapat, gara gara  khas Nartosabdhan. Senajan “joke” lawas dibolan baleni, tetep ajeg gawe kendore syaraf. Gara gara  katutup gendhing Pangkur Lamba kang ngiringi adegan Kesatriyan, Putra saka Panggombakan, Raden Yuyutsuh kang nembe mudhun saka Saptaharga. Pather Jingking kang ngelik nglangut mungkasi adegan perang kembang Bambangan – Cakil.

Pungkasane crita, mangga dirahabi, sirnane musuh, lan kontrang kantringe Dewi Wara Srikandhi kang melu ramane Prabu Drupada, njagongi pahargyan selapanan kang kasanggit ing seni pedalangan sastra tataran luhur, nyata dadi “oase” tumprape jiwa kang ngelak ing budaya Jawa.

Kanggone para kadang kang seneng marang kecepatan ngundhuh file, Permadi Boyong kang karekam ing tata suara stereo, bisa nuju prana. Rata rata file mung ana sekitar 7Mb. Malah file pungkasan mung ana luwih sithik saka 2Mb, kejaba file no 8, senajan kapetha ing unggahan, gedhene file 7, Mb, nanging wola wali diundhuh, meksa mandheg ana ing 4,1Mb. Nanging ora dadi ngapa, sebab isine lelagon gara gara, dadi aluring lakon isih wutuh.

Merga  bit rate amung 32kbps, tebusane ing babagan swara, keprungu rada cekak, nada ing “frekuensi rendah”, kaya dene instrumen kang “mereproduksi” buntut dawa kaya ta gong gedhe kurang landhung. Yen panjenengan kersa, bit rate kudu dimelarake (expanded) wetara 128kbs paling sithik 48kbps, sajake bisa luwih “kung”. Siji maneh, Pak Edy luwih seneng upload file ana ing Mediafire, dadi rada kecipuhan, sebab saben klik sa-file, jendelane sangsaya ngrambaka. Mula saben ngundhuh file yen wis rampung bersihana dhisik iklane, ben ora ngregedi papan.

Matur Nuwun kagem Pak Edy Listanto. [wayang prabu]