Keduwung (II) | Kliping Sastra Indonesia | Etnik dan Budaya
Keduwung (II) Reviewed by maztrie on 6:06 AM Rating: 4,5

Keduwung (II)

Ora krasa wektu rong puluh taun wis kliwat, wektu kang suwe banget kanggone wong liya, nanging kanggoku ora suwe, aku tetep ora bisa nglalekake Sumi.

Wanita saka Wonogiri mau pancen wis dadi pilihan uripku. Yen ora karo Sumi luwung ora kawin. Iku tekadku. Ora kecekel prawane ya entuk randhane ya ora apa-apa, waton karo Sumi. Nalika aku numpak sepur saka Jakarta wingi aku wis nggagas, wektu rong puluh tahun mesthi wis akeh owah-owahan, omah gebyok omahe Sumi mesthi wis malih wujud dadi omah loji kang endah, wong bojone Sumi iku pegawe bank kang sugih dhuwit. Sumi mesthi malah tambah katon ayu sanajan umure tambah tuwa nanging kabeh mau bisa disetiyari dandan menyang salon wong bojone Sumi iku pegawe bank kang sugih dhuwit. Anak-anake Sumi sing mbarep mesthi wis lulus SMA apa malah wis kepara dadi mahasiswa, wong bapake pegawe bank kang sugih dhuwit. Mesthi bisa nyekolahke nganti pamulangan dhuwur.

Bubar mikir Sumi aku terus mikir awakku dhewe, joko tuwa nyambut gawe aneng paran nganti rong puluh taun durung tau ngambah maneh Wonogiri. Sanajan aku wis cekel gawe kang mapan rasane awakku ora kopen. Wong jenenge wae urip ijen ora ana sing ngopeni. Nanging, saumpama Sumi wis dadi randha njur kaya ngapa ya kahanane? Randha anak papat utawa anak lima mendah kaya ngapa rekasane uripe? Nanging ora, aku pracaya Sumi isih tetep urip kepenak wong jenenge wae randhane pegawe bank mesthi akeh bandha tinggalane sing lanang. nanging Sumi apa gelem nampa tekaku?

“Dhik Sumi piye kabare?” Aku nyoba ngrakit ukara kawitan nalika ketemu sesuk kang sepisanan saploke pisah rong puluh taun. Wewayanganku werna-werna, mengko yen ketemu apa aku bisa ngampet tangisku? Apa Sumi ya isih kelingan rupaku? Pikiranku dadi ngepang mrana mrene ora karuwan. Aku malah dadi bingung dhewe. Aku isih nyawang omah gebyok mau, iki genah omahe Sumi mbiyen, kok kaya ora ana owah-owahan babar pisan? Meja kursi kang ana emperan omah uga meja kursi mbiyen sing tak Iungguhi. Tak sawang platarane uga isih ana wit sawo kang saiki katon tambah gedhe. Aku yakin iki genah omahe Sumi, nanging kena ngapa kok katon sepi? Apa wis didol wong Iiya banjur Sumi pindhah omah ing kutha melu bojone?

Luwih saka rong jam aku ngadeg aneng ratan ngarep omahe Sumi. Nalika ana wong lanang setengah tuwa liwat ratan kono, aku nyoba takon marang dheweke.

“Nyuwun pirsa Pak, menapa menika griyanipun Dhik Sumi, bojone pegawe bank rumiyin?,” pitakonku karo nudingi omahe Sumi. Wong lanang iku durung wangsulan, ketoke isih mikir-mikir. “Eng... menawi menika leres griyanipun Sumi, nanging sanes Sumi bojone pegawe bank, Sumi ingkang gadhah griya menika prawan ingkang mboten omah-omah!,” wangsulane wong lanang mau karo nyawang aku.

Krungu wangsulane wong mau aku dadi bingung, “Dados Sumi mboten saestu dados bojonipun pegawe bank?”.

“Mboten, Sumi mboten purun dijodhokake kaliyan pegawe bank!,” wangsulane tandhes.

“Hla sakmenika Sumi wonten pundi?,” pitakonku ndhedhes kebak pengarep-arep. Wong lanang mau nyawang aku kebak wadi, “Punapa njenengan dereng pikantuk kabar?”.

“Kabar punapa?,” atiku dadi dheg-dhegan.

“Sumi sampun wangsul dhateng pangayunaning Pangeran, nembe sekawandasa dinten kepengker!”.

“Dados Sumi sampun seda?” pitakonku setengah ora pracaya.

“Leres!,” wangsulane wong mau karo manthuk. Tak sawang omahe Sumi kanti rasa sedhih, atiku keduwung banget. Ing pangrasaku Sumi mbukak lawang karo ulat mesem ngawe-awe aku, saya suwe saya adoh terus ilang, bubar iku aku wis ora eling apa-apa maneh, ngerti-ngerti aku wis dirawat ana rumah sakit Wonogiri. Cuthel - Oleh : Sumedi [solopos]