Nguripake gotong-royong lan rewangan | Kliping Sastra Indonesia | Etnik dan Budaya
Nguripake gotong-royong lan rewangan Reviewed by maztrie on 7:02 AM Rating: 4,5

Nguripake gotong-royong lan rewangan

Gotong-royong dadi salah sijine ciri mligine budaya Jawa kang wus suwe kabentuk. Nanging nganti seprene, gambaran ngenani gotong-royong ajeg disandhangake marang wong lanang.
Gotong-royong dianggep minangka gaweyan kang mbutuhake tenaga gedhe. Amung wong lanang sing gothot lan tenagane gedhe sing bisa ngleksanakake, dudu wong wadon.

Manawa dionceki, tembung gotong asale saka basa Jawa kang ateges sawetara wong bebarengan nggawa barang sing abot. Dene royong tegese ngedum asil kerja kanthi adil, miturut gedhe-cilike pambiyantune kang dipawehake. Setyo Wibowo (1992) njlentrehake tumrape wong-wong padesan Jawa, gotong-royong ngemu teges ngajak tenaga tambahan saka njaban lingkungan kaluwarga kanggo mbiyantu tandur ing sawah; padha tulung tinulungan antarane tangga teparo kanthi niyat ngentheng-enthengake gaweyan; sajrone para bakul cilik kang nglembara, iki ateges urip bareng supaya bisa njaga siji lan sijine sarta gampang tetulungan; tumandang gawe bebarengan kanggo ngrampungi gaweyan kang mupangat tumrape masarakat, nagara lan agama, tanpa nampa opah.

Gotong-royong kang nengenake kawigatene tandhang gawe kanthi bebarengan lan ngiwakake sipat menang karepe dhewe utawa individualisme-ne Barat, miturut sujarahe angel digoleki kapan wektu pesthine tuwuh lan ngrembaka. Sebab, konsep kang kaya mangkene iki ora ditepungi jroning sastra Jawa kuna utawa anyar. Malah, Gubernur Jenderal TS Raflles (1811-1816) kang kesengsem marang Jawa lan alam padesan banjur mbabar buku babon kang asesirah History of Java uga ora ngonceki ngenani gotong-royong. Uga jroning Serat Centhini, kaya kang kita mangerteni, ditulis kawit taun 1814 dening sawetara pujangga ing lingkungan Karaton Surakarta, kayane ora paweh kawigaten kang mligi ngenani gotong-royong. Miturut Bapak Antropologi Indonesia, Koentjaraningrat, ukara gotong-royong wiwit kondhang nalika digunakake dening para nimpuna tetanen saka Walanada. Gotong-royong dikira-kira lair berbarengan nalika para leluhure wong Jawa tepung jagad tetanen jalaran ora bakal bisa tandur dhewe ing sawah, tanpa nggandheng wong akeh lan tenaga sing ora sethithik.

Satemene, ana prakara baku nalika awake dhewe kepengin nyinau bab gotong-royong kang disandhangake marang sipat-sipate wong lanang iku. Kang dadi pitakonan, apa para wewadon ora bisa dilebokake jroning kasunyatan gotong-royong? Bakal tinemu becik manawa panyawange kita ora ciyut nalika meruhi rewangan kang dilakoni nalika ana wong duwe gawe, satemene uga minangka wewujudane gotong-royong. Amung wae kang mbedakake yaiku papan panggonane lan jinis gaweyane kang ditandangi. Tembung rewangan dhewe asale saka tembung rewang, kang ngemu teges mbiyantu.

Ana salah pangerten nalika maknani tembung rewang. Ing kalodhangan iki, rewang ora bisa dipadhakake kabeh utawa digebyah uyah minangka batur. Sebab, jejibahane rewang among mbiyantu, lan tujuwane ngentengake bot repote wong liya tanpa ngarep-arep tekane opah kaya dene kawula utawa batur kang ngiras pantes antuk gaweyan kanggo ngisi weteng utawa kanggo njaga kalungguhane ing tengah masarakat.

Rewangan minangka kasunyatan ing urip padinan kayane uga arang banget didadekake bahan pirembugan dening para paneliti budaya Jawa. Kamangka, rewangan iki ora awates kegiyatan budaya kang tanpa ngandhut piwulang lan sepi crita. Rewangan iki dadi ajang ketemune para ibu kanthi jatah wektu kang rada suwe dibandhingake nalika arisan PKK utawa nalika nangga (dolan menyang omahe tangga).

Sangu lading

Rewangan uga nyedhiyani kalodhangan tumrap ibu-ibu kanggo sapa aruh. Sadurunge kegiyatan iki dileksanakake, upamane duwe gawe mantenan (ningkahan), sing duwe gawe wus ndhodhogi tangga teparo saprelu njaluk tulung marang wong kang pinuju supaya gelem melu ngewangi pethik-pethik kangkung utawa rajang-rajang lombok. Mangkono iku ukara kang prasaja nanging kebak makna kang kagambar saka pangucape wong sing duwe gawe nalika njaluk pitulungan.

Sabanjure, ngepasi dinane, kabeh padha teka lan sangu lading, sanajan lading iki mengko ya ora dinggo kabeh amarga gumantung jinise gaweyan sing ditandangi. Ing rewangan iku cinathet maneka warna jinis gaweyan, kayata kulmak, juru adang, tukang goreng-goreng, lan juru isah-isah.

Ing kalodhangan kuwi, para ibu kuwi nyambi nyambut gawe, padha caturan ngalor-ngidul lan ora sithik kang padha ngrasani. Ing pawon kuwi, kabeh ora isin ngomongake wadine kulawargane dhewe-dhewe, kulawargane wong liya, lan uga kulawargane manten dhewe. Kang luwih peni maneh, ora ateges sarampunge nyambut gawe utawa ngrampungi adicara mangsak-mangsak iku, banjur ora nggatekake kahanan meja ing omahe dhewe-dhewe utawa njalari kulawargane dadi kaliren ing omah. Wus dadi kesadharane tumrap pehak sing duwe gawe manawa saben wong kang melu rewangan, omahe kudu diteri sega jangan saklawuhe kanggo dhaharan wong sakomah.

Sawuse masarakat Jawa mikir cupet lan ringkes, anasir kabudayan Jawa ya melu nyedhaki cures. Diwasa iki, wong Jawa nalika mantu utawa duwe gawe gedhen , apa maneh digelar ing gedhung, luwih seneng nggunakake jasa katering tinimbang nggelar rewangan. Alesane, supaya ora ribet lan uga ora ngrepotake tangga teparone. Ing lakuning wektu, rewangan minangka kegiyatan budaya utawa gotong-royong tumrape wong wadon, wusanane alon-alon dadi arang dileksanakake.

Rewangan dadi kaca benggalaning semangat wewadon Jawa kanggo ngentengake bot repote wong liya kang disangga kanthi tumandang gawe bebarengan, saya suwe uga saya luntur. Kamangka, rewangan iku ora awates adicara pethik-pethik lombok utawa ngonceki brambang, nanging ngandhut piwulang luhur manawa manungsa iku ora urip dhewe, padha gumantung marang sepadhane, mula gelem ora gelem kudu cancut tumandhang kanggo njaga sesambungan kang becik marang sepadhane, lan manungsa kapeksa nyelarasake dheweke marang masarakat liyane. - Oleh : Heri Priyatmoko [solospos]