Nyadran, wujud pangabekti marang leluhur | Kliping Sastra Indonesia | Etnik dan Budaya
Nyadran, wujud pangabekti marang leluhur Reviewed by maztrie on 7:00 AM Rating: 4,5

Nyadran, wujud pangabekti marang leluhur

Seminggu nyedhaki Sasi Pasa, Abas sakulawarga padha lunga menyang Semarang.
Saka Karanganyar, Abas sakulawarga numpak pit montor nuju Semarang, papan kelairane mbiyen. Uga ing papan kono, bapak-ibune kasarekake sawuse tilar donya sawetara taun kapungkur.

Gaweyan padinane padha ditinggal kabeh lan nyelakake wektu ora ketang sedina kanggo nekani pasareyane wongtuwane. Beda maneh kang dilakoni dening kulawargane Prawoto saka Kutha Solo. Ora seminggu, nanging udakara rong dina utawa telung dina sadurunge sasi Pasa, nembe nekani pasareyane wongtuwane lan sanak kadange ing Danyung, Sukoharjo.

Apa kang dilakoni dening kulawargane Abas utawa Prawoto iku ora liya kanggo mujudake pangabektine marang leluhure kang wus mapan ing alam kelanggengan. Sanajan wongtuwane wus padha ora ana utawa sampun tinimbalan ing ngarsaning Gusti, nanging kudu tetep diabekti kanthi sarana ngumbulake donga supaya dipangapura sadaya kalepatane lan uga ora lali reresik pasareyane. Bisa mbubuti suket lan tanduran kang ngewuh-ewuhi utawa amung gawe regede pasareyan, bisa uga ngapikake pasareyane leluhure sisan. Upamane pasareyan sing maune isih wujud lemah banjur diplester semen utawa dikijing sisan.

Tradhisi nyadran tumrap bebrayan Jawa pancen isih diugemi nganti saiki. Pangarsa Pepadi Jateng Ki Sutadi nate ngandharake manawa tradhisi nyadran tumrap wong Jawa dianggep prelu lan wigati. Tradhisi iki lumrahe ditindakake ing sasi Ruwah, akeh-akehe sepuluh dina sadurunge ngibadah pasa, akeh kang padha nyekar para leluhur.

“Sejatine tradhisi nyadran iki kanggo menehi pepeling marang anak-putu supaya ngerti marang leluhure. Anak dikekudhang supaya ngerti bapa biyung sing ngukir jiwa ragane. Sabanjure digulawenthah supaya ngerti marang mula bukane wiwit mbah, mbah buyut, canggah, wareng, lan sapendhuwure,” piterange, jroning andharane ngenani Nyadran lan leluhur.

Anak-putu iku pancen kudu didunungake sarasilahe, lan diweling supaya dipepundhi amarga kabeh mau pepundhene. Mula ora maido manawa wayah-wayah ngene iki, nyedhaki pasa, akeh pepundhen kang disowani lan diresiki dening warga bebrayan. Nyadran dhewe tumrap wong Jawa dianggep wigati, amarga ana sesambungane marang tradhisi laku batine wong Jawa.

Nyadran uga dadi gegambaraning rasa lan pasrawungan becike masarakat, kang katuduhake liwat rasa gotong-royong, tepa selira, lan wusanane ngasilake tatanan urip kang selaras antarane manungsa lan sepadhane sarta manungsa lan Pangerane.

Nyadran uga bisa dadi wahana pangrakete warga bebrayan, kaya kang kaleksanan ing sawetara dhaerah. Upamane ing dhaerah Cepogo, Boyolali, sawetara wektu kapungkur. Warga sadesa padha nyadran bebarengan kanthi nggawa kenduri, apem, kolak, lan ketan minangka sajen kanggo lambaran donga. Lanang-wadon, tuwa-mudha, gedhe-cilik, padha guyub rukun budhal saka omahe sinambi nyunggi tampah isi sajen nuju pesareyan saprelu nindakake tradhisi nyadran.

Dara muluk

Sawetara sumber nyebutake nyadran lumrahe diwiwiti kanthi gawe apem, ketan, lan kolak. Panganan iku banjur diwadhahi takir kanggo munjung sanaak kadange utawa kang pener sedulur tuwa, uga dadi ubarampe kenduri. Tangga sakiwa tengene ya ora dilalekake. Bab iku ngemu teges nggatekake sepadhane.

Sarampunge reresik pasareyan, masarakat kampung banjur nggelar kenduri ing sadawane ratan nuju pasareyan utawa panggonan jembar kang ana ing sakupenge pasareyane leluhure. Kenduri diwiwiti sawuse ana swara kenthongan tinabuh kanthi simbul swara dara muluk utawa unine suwe banget. Sabanjure kabeh kulawarga lan bocah-bocah kang melu nekani adicara iku paadha kendurenan.

Saben kulawarga lumrahe nggawa panganan sakanane, maneka warna jinise, banjur lungguh sila bebarengan. Let sedhela kebayan desa mbukak adicara, surasane kurang luwih ngucapake rasa sukur lan panuwune marang warga kang wus sumadya nyepaki pangan, ambengan, lan liya-liya kalebu wektune.

Bubar kuwi Mbah Kaum (ngulama dhaerah kono) kang wus pinilih, maju mimpin donga. Dongane nggunakake tata cara agama Islam, warga dan bocah-bocah melu ngamini. Sing marai tambah regeng, bocah-bocah mesthi akeh kang ngucap amin sambi setengah mbengok. Rampung ndonga, kabeh kang teka ing adicara ing papan kono banjur padha ngedhapi panganan kang ginelar.

Ing kalodhangan kuwi ana sing ijol-ijolan panganan, ana sing seneng ngomong ngalor-ngidul karo sakiwa tengene. Ora maido, mesthi ana sawetara warga kang wus suwe nglembara ing kutha utawa ing njaban dhaerah padha nyelakake mulih supaya bisa melu nyadran lan kendurenan. Dene warga kang ora bisa tela utawa warga sing mlarat banjur diwenehi gandhulan, sega, panganan kang diwungkus mirunggan banjur diterke ing omahe.

Saka tata cara kasebut, cetha manawa nyadran iku ora awates tilik kubure leluhur, nanging uga ngandhut piwulang luhur kang ana sesambungane karo budaya gotong-royong, guyub, pangurbanan, ekonomi. - Oleh : Damar Sri Prakoso [solopos]