Piwulang asmaradana tumrap kanoman | Kliping Sastra Indonesia | Etnik dan Budaya
Piwulang asmaradana tumrap kanoman Reviewed by maztrie on 7:08 AM Rating: 4,5

Piwulang asmaradana tumrap kanoman

Asmaradana tegese tresna, rasa tresna marang wong liya, yaiku katresnane priya marang wanita.
Sawijining trap uripe manungsa, mangsa nalika wong wus ketaman asmara marang wong liya, yaiku udakara umur las-lasan nganti rong puluhan taun.

Mangkono pangucape I Wayan Sukarma, dhosen Pascasarjana Universitas Hindhu Indonesia, nalika medhar andharan ing UNS Solo, sawetara wektu kapungkur.

“Upamane jroning budaya Jawa, dipratelakake witing tresna jalaran saka kulina. Tegese jroning pasrawungane wong lanang lan wong wadon kang maune ora nggagas katresnan, nanging saya suwe bisa nuwuhake rasa tresna jalaran kulina. Saben dina weruh, saben dina srawung, saya suwe rasane gathuk,” ujare.

Ya kaya mangkono iku tresna, kang dadi irah-irahan langgeng jroning uripe manungsa kang ana ing dhaerah ngendi wae lan jaman apa wae. Akeh wong kang nganggep manawa katresnan iku prastawa kang wigati saka telung prakara kang dianggep paling wigati jroning urip iki, yaiku kelairan, jejodhowan lan lelayu.

Miturut Sukarma, wong kang lagi nandang asmara bisa nggugah semangat uripe, nanging uga bisa ndadekake buneg ing ati lan pikirane, nganti tega bela pati jalaran cabar ing asmara. Mula, akeh wong kang ngajab asmara iku diarahake supaya selaras karo tata susila lan agama, saengga bisa nuwuhake kabecikan, kawilujengan, kurmatan, kamulyan lan kabahagyan. Kosok walike, wong kang dhemen dolanan katresnan bakale nuwuhake dredah lan prakara ala jroning masarakat. Mulane diajab kabeh wong bisa nglakoni mangsa asmaradana kanthi trep lan selaras.

Kerep ngalamun

Lakuning urip kang kaya mangkono iku uga diarani mangsa kanoman, antarane nglimputi mangsa pueral, negatif lan puber (Sujanto, 1980:205). Nalika mangsa pueral, bocah lanang wiwit misah utawa ngadoh saka bocah wadon. Bocah lanang nalika nyawang bocah wadon rasane dadi gila, lan bocah wadon nganggep bocah lanang kakeyan omong nanging ora tau ana kasunyatane.

Ngancik mangsa negatif, bocah duweni sikep sarwa wegah nampa apa-apa kang ditawakake marang dheweke, sarwa ora teteg lan ora manteb, ora mesthi, ora seneng thok, lan ora setuju, malah kerep ngalamun lan sedhih tanpa sebab sing cetha. Kadhang kala ya ngalamune tekan ngendi-endi lan kaya-kaya uripe ora sigrak maneh.

“Mangsa puber dadi bakune saka mangsa kanoman iki, kang ditandhani ngrembakane lan owah-owahane perangan awak tartamtu kang nyethakake ciri mligine sarta dadi ukuran kanggo mbedakake bocah lanang lan wadon. Luwih adoh maneh, dijlentrehake manawa mangsa kanoman iki, bocah bakal ngalami owah-owahan lan pangrembaka kang cepet bab seksualitas, fantasi, emosi, karep, kaendahan, lan agama utawa kayakinan,” tandhese. - Oleh : Damar Sri Prakoso [solopos]