Kamardikan lan Para Ndara | Kliping Sastra Indonesia | Etnik dan Budaya
Kamardikan lan Para Ndara Reviewed by Kliping Sastra Nusantara on 5:07 PM Rating: 4,5

Kamardikan lan Para Ndara

TAUN 2015, bangsa kita mengeti 70 taun dina kamardikan Indonesia. Warga kampung padha sayuk rukun ngecet gapura, pasang umbul-umbul, lan nganakne lomba maneka warna. Kajaba kahanan dadi
regeng, bocah cilik padha diwenehi kawruh babagan semangat proklamasi kamardikan 17 Agustus 1945 kang dadi srana pejuang Indonesia nggempur peodalisme lan kolonalisme tekan oyote. Pancen nyata, ideologi cacah loro iku mau nyengsarake masarakat Nuswantara pirang-pirang abad.

Rikala semana, ana klompok pribumi kang wegah nampa kasunyatan Indonesia ucul saka jepitan driji kolonialisme lan peodalisme, yaiku bangsawan lan priyayi krajan. Paham egaliter sumebar saka para nasionalis, supaya kuwat nglawan antek penjajah lan sapa wae kang nyengkuyung jagad peodal.

Ana klompok ndara seneng ngasorne sapepadhane, njaluk disubya-subya, lan ngidak wong cilik. Ndara iku ringkesan saka tembung bandara, kang kecathet bangsawan luhur kraton, bisa anak, putu, buyut, canggah, lan wareng raja. Ndara duwe keistimewaan saka lair amarga klebu geteh biru atawa kasebut trahing kusuma rembesing madu.

Mbiyen, para ndara ing ngomah sinambi lungguh ongkang-ongkang wis diblanja saka kraton kang dijupukne saka civiele lijst (cathetan isine jenenge para pegawe lan kluarga raja kang entuk tunjangan kraton). Kahanan iku pancen wis diatur ing layang perjanjian Paku Buwana X karo pamarintah Walanda. Sadurunge, cukup diwenehi blanja awujud lemah bengkok, banjur dibrusak wiwit jamane Paku Buwana X.

Danang Priatmodjo (2004) ing disertasine nyerat, sawise mardika atawa Kasunanan lan Mangkunegaran kelangan daya pulitike, posisi lan peran ndara ilang. Dheweke ora nampa blanja jalaran duit saka civiele lijst disetop pamarintah Republik Indonesia. Gerakan anti-swapraja menang, akibate para bangsawan ora kajen kaya adate, uga ora disubya-subya utawa dibeda-bedakne karo anggota masarakat liyane. Panguwasa ing tlatah Surakarta ora diurmati tumrap masarakat Sala. Beda karo warga Yogyakarta, gelem paring urmat marang junjungane: Hamengku Buwana IX lan Paku Alam VIII.

Kasunyatan iku nggawa konsekuensi, yaiku ndara ora duwe papan kusus ing tatanan sosial masarakat. Dheweke diaku padha karo priyayi utawa pegawe negeri. Suwalike, kahanan bakul pasar lan juragan luwih kajen martabate amarga status ekonomine luwih apik tinimbang priyayi lan ndara kang wis tiba mlarat. Jaman sadurunge Indonesia mardika, juragan utawa wong dagang ora bakal direken bangsawan kraton, ming dianggep salumrahe wong.

Wong Males

Kurang-luwih 40 taun sawise mardika, tembung ndara lan priyayi isih kerep dinggo, nanging maknane derogatif. Tembung ndara nggambarne wong males nyambut gawe, tukang ngereh, lan saumpama lanang doyan rabi. Tembung priyayi negesake wong kang ora saguh nyambut gawe abot, ajeg dandan necis, lan seneng nggawe aturan njimet.

Semangat bakulan utawa entrepreneursip ora tumemplek ing awake ndara lan priyayi, nanging kondang ngrumat jiwa ambternaar (pegawe pamarintahan). Lumrahe ngayahi prentahe pemimpin, uga ora bisa mbukak lapangan pagaweyan. Tembung ndara lan priyayi wis susut lan dimaknani sikap kang ora selaras karo kamajuan jaman lan dituding nyrimpet-nyrimpeti.

Kahanan kaya ngene iki wis puluhan taun dilakoni krabat lan abdi dalem kraton Kasunanan. Komunitas kraton genti ora direken warga Sala. Gelar lan pangkat bangsawan ora ana paedahe, uga diasorake lantaran isih dianggep warisane peodal. Akibate, akeh krabat kraton nyopot gelar lan pangkate supaya luwih gampang ditampa ing sesrawungan warga. Krabat lan abdi dalem isih ajeg nglakoni tata cara adat atawa tradisi kraton. Identitas wong kraton ditampilne ing njero kraton lan wancine klumpukan trah.

Beda karo priyayi kang mumpuni bab seni kaya para pangrawit lan penari kraton. Sanajan negarane mardika lan kraton bangkrut, rombongan seniman iku isih bisa ngrembaka, paribasan ora kaliren.
Katrampilane dibutuhne nagara kanggo ngajari bocah-bocah sinau seni ngiras pantes nguri-nguri kabudayan warisan kraton. Saking temen sing ngrumat seni, priyayi-seniman iku kaangkat dadi pegawe negeri lan entuk gelar empu saka pamarentah. Uga bebas nyantumne gelar saka kraton, kayata kanjeng raden tumenggung lan lurah raden.

Bab kang mbedakne nasib mujur-apese ndara lan priyayi seniman yaiku katrampilan kang diduweni. Masarakat ngregani banget tumrap priyayi-seniman amarga kawruhe pancen dibutuhne. Ndara ora duwe katrampilan, seneng urip nglaras, mangan enak, nanging wegah makarya lan adus luh. Uripe ming njagakne asok bulu bekti glondhong pangareng-areng saka wong cilik lan blanja saka kraton. Mula ora nggumun kawit mbiyen ora duwe kamandirian ekonomi. Banjur pas negara mardika, padha mbingungi dhewe. Adol apa duweke kanggo nyambung urip.

Sateruse sujarah Indonesia pancen ora mihak klompok peodal. Mula, crita sujarah kamardikan bangsa Indonesia dadi kenangan pait kaya kopi tanpa gula. Nanging kanggone masarakat Indonesia adate malah kasebut lawang pembebasan. Mula kanggo mengeti dina kamardikan, warga kampung nganakne lomba munggah pring, gebuk banyu, lan mangan krupuk nuduhane ati bungah. Bocah cilik padha surak-surak kaya sing dialami warga Indonesia 70 taun kepungkur. Lunjak-lunjak pertanda sokur lan seneng amarga para ndara lan priyayi ora bakal nindhes lan ngereh maneh. (51)

Heri Priyatmoko, sujarawan Solo, dhosen sujarah Universitas Sanata Dharma

Rujukan:
[1] Disalin dari karya Heri Priyatmoko
[2] Pernah tersiar di surat kabar "Suara Merdeka" Minggu 16 Agustus 2015