Topeng, Panji, lan Mitologi Kasuburan | Kliping Sastra Indonesia | Etnik dan Budaya
Topeng, Panji, lan Mitologi Kasuburan Reviewed by Kliping Sastra Nusantara on 9:20 PM Rating: 4,5

Topeng, Panji, lan Mitologi Kasuburan

INDONESIA dadi negara agraris kang luwih akeh wargane makarya dadi petani kang ngolah lemah. Sujarah Indonesia minangka negara agraris wis dipercaya saka abad kalima Masehi nalika ditemokke prasasti-prasasti ing Kutai lan Bogor saka kerajaan-kerajaan Hindu lan Buddha.

Minangka tlatah perangane negara agraris, mitologi Jawa nduweni kapercayan holistik babagan alam semesta ing sajroning sosok kang ngemot nilai-nilai ideal. Alam nduweni perangan penting ing saben ukuran tingkah lakune urip manungsa Jawa. Kuwi mulane perangane alam kaya srengenge lan mbulan ora mung nduweni teges ing itungan dina (lan utamane nduweni pengaruh ing pranata mangsa), nanging uga dipercaya nduweni teges luwih saka kuwi.

Alam bumi ngubengi srengenge (surya) minangka punjere semesta. Sajroning siklus ubengane, srengenge nduweni pasangan karo mbulan (candra). Siklus kang sampurna antarane surya lan candra bakal isa nibakke udan, perangan penting ing siklus uripe masarakat agraris ing khatulistiwa kaya Indonesia. Konsepsi simbolis nilai-nilai kang dilambangke sajroning elemen-elemen alam kuwi mau dadi mitos kang nguripi padinan masarakate. Kapercayan kang wis ngrasuk suwe sajroning urip bedinan kuwi mau nuwuhke interpretasi kreatif sajroning pikirane masyarakat. Nanging minangka konsepsi nilai kang paling dhuwur, mitos-mitos kuwi mau ngemot interpretasi visual kang mawujud ing bentuk sing paling purba minangka topeng: ora nduweni jenis klamin, multisimbol lan perspektif, uga antropologis.

Interpretasi kreatif mau dadi crita Panji, crita asli Jawa minangka bangsa agraris, dudu adhopsi saka India kaya dene Ramayana lan Mahabharata. Ing sumber-sumber tartemtu, Kakawin Smaradahana anggitane Mpu Dharamaja dadi sumber kang bisa ditlusur, kang nyebutke kisah Panji. Panji nyritakke mangsa kekuwasaane Kerajaan Kediri ing abad ka-11  (Purbacaraka, 1966: xii). Ing Nuswantara, sijining perangan kang ora isa dipisah saka crita Panji ya kuwi dadi salah sijine wujud kesenian kang nggunakke topeng ing sajroning ekspresine.

Ora Duwe Gender

Sesambungane karo mitologi masarakat agraris kuwi mau banjur mawujud ing visiologi tokoh: Panji minangka tokoh ideal, perwujudane surya kang madhangi jagad, roh utama sing ora nduweni jenis kelamin. Panji mawujud dadi ekspresi seni sing nganggo topeng, wujude uga ora nduweni rupa satria
lanang, tapi rupa alus kaya wong wedok, ora mbukak mripate nanging isa ndelok isining ati, kaya urip sajroning jagad maya, ing ambang batas kang mengerteni perangan siji antarane siji liyane. Topeng saka mitos, ing wujude lan uga nalika narekke dadi fase meditatif: antara sadhar lan semaput,
antarane tangi lan turu, nuju kabagyan dhiri.

Mula kuwi ana tokoh Panji alusan kang ora nduweni gender, nanging nduweni kualitas nilai kang beda ing masarakat Jawa. Kanthi pamikiran padha, Semar lan Janaka (tokoh-tokoh utama ing Mahabharata) madeg minangka sangkan paran, jejere manungsa Jawa kang utama, kang ngreinkarnasi nggawa kabar apik lan ala, uga nata lan bisa ngrusak ndonya amrih harmonisasi semesta. Panji duwe loro perangan kamanungsan kuwi: njaga lan ngrusak.

Ing seni pertunjukan, utamane tari, topeng nduweni nilai-nilai simbolis minangka ajaran urip. Ing Cirebon, tarian topeng nduweni limang tingkatan ya kuwi Panji, Samba, Rumyang, Tumenggung lan Klana, kang nggambarke lakuning urip lan watak manungsa.

Ing perangan liya, inkarnasi mbulan ing masyarakat agraris mau kawujud sajroning sosok Candra Kirana, uga Sembadra, Dewi Sri lan Loro Blonyo ing turunan sabanjure. Sanadyan sajroning crita dheweke karo pasangane (Panji, Arjuna), nanging dhasare pasangan kuwi mau ora tau dadi siji kayadene mbulan lan srengenge kang ora tau ketemu, nanging dibutuhke petani kanggo nibakke udan. Amarga kuwi uga mula patung pasangan Loro Blonyo ora tau cedhak siji lan liyane, nanging kudu tetep ana minangka kesatuan. 

Toto Sudarto (1991: 12) negeske Panji ing simbolisme mitologi jagad. Minangka mitos banyu, crita Panji sesambungan karo mitos Brantas kang ana ing crita Ande-ande Lumut. Lumut ngelingke awake dhewe ing panggonan kang teles. Omahe Ande-ande Lumut (samarane Panji) ana ing sebrang bengawan. Perangan kuwi mau negeske Panji dadi simbolisme naratif masarakat agraris.

Mula kanthi karep krenteg refleksi lan representasi nilai ing wujud artistik kang dikarepke bisa nangkep nilai-nilai kang dimot, potensialitas makna lan nilai reflektif kang ana ing cita Panji perlu direinterpretasi, dikontekstualisasikan ing wacana saiki minangka dhialog kabudayan. Iki kang bakal
ndadekke seni tradhisi dadi eksis, mula isa dadi refleksi. (51)

Purnawan Andra, staf Direktorat Sejarah & Nilai Budaya Kemendikbud, alumnus Jurusan Tari ISI Surakarta

Rujukan:
[1] disalin dari karya Purnawan Andra
[2] Pernah tersiar di surat kabar "Suara Merdeka" Minggu 22 November 2015