- Nerak pager ayu = Ngrusak pager ayu, utawi ngrisak katentremaning tiyang sesemahan, sarana lambang asmara kaliyan semahing ngasanes.
- Tedhaking kusuma, rembesing madu, turasing ngamartapa, trahing andanawarih = Tedhak turunipun tiyang linangkung.
- Tepaking tapa tulus = Turunipun tiyang mbangun tapa manggih wilujeng.
- Tanggal sapisan kapurnaman = Prakawis ingkang langka kelampahanipun, nanging kedah kaudi sagedipun nyumerepi. Piwulng ing ngelmu kasampurnan.
- Tau tate tandhing jitus = Sampun kulina perang tandhing satunggal lumawan tiyang satus, dados sekti sanget.
- Tambuh-tambuh kang sinedya = Boten kantenan ingkang dipun sedya.
- Teguh tanpa guru = Sekti tanpa sinau. Dados sampun kinodrat sekti.
- Nungkul aris = Anggenipun nungkul utawi teluk boten jalaran kawon perang, nanging jalaran raos kepe-ngin metran.
- Telas tilasing jalma = Ical babar pisan kamanungsanipun.
- Numpal keli = Kesah tanpa jujugan.
- Ngundhuh mantu = Pahargyan mboyong penganten. Limrahipun ingkang ngundhuh mantu pehak tiyang sepuhipun manten kakung.
- Uluguntung = Magersarining pretapanipun pandhita.
- Lahang karoban manis = Dhasar bregas warninipun, watakipun inggih sae.
- Lambe atine durung dipahami = Wewatekanipun dereng dipunpahami.
- Luput sanjata uwa = Kalis ing walat, walak, tuwin ipat-ipat.
- Nglangkahi oyot mimang = Bingung.
- Larangan nggantung gong = Awisan ngungelaken gangsa menawi pinuju wonten pangageng seda.
- Luput pisan kena pisan = Yen ora ya ora, yen iya ya iya. Tumrape wong arep omah-omah ora kena ti- dha-tidha, mangro tingal lan was-was.
- Lir tinebak ing mong tuna, sinamber ing gelap lepat = Manahipun terataban sanget.
- Lumbung tanpa dhasar = Nyimpen pantun ing lumbung tanpa dipun lemeki roning kluwih. Dados awisan tumrap kapitadosan Jawi. Dene dhasar utawi lemekipun roning kluwih.
- Lunga perang putung watange = Lambangipun negari Demak Bintara.
- Lelungan durung kongsi binasahan kaselak kampuhe bedhah = Lambangipun Sultan Adiwijaya ingkang dereng ngraosaken kamukten kaselak seda
kawruh basa
Reviewed by maztrie on
3:11 AM
Rating: 4,5